Numpes Tiyang Mursid

24 July 2016

Waosan : Purwaning Dumadi 18 : 20 – 32  |  Pamuji : KPK  322
Nats: “Rama Abraham  banjur nyelak sarta matur: ”Punapa Paduka badhe numpes tiyang mursid sesarengan kaliyan tiyang duraka?”[ayat 23]

Wonten sawatawis pasinaon ingkang saged kita panggihaken ing waosan kita dinten punika. Waosan kita punika pancen elok sanget, ingkang mratelakaken kadospundi raketing sesambetanipun ing antawisipun Abraham kaliyan Gusti Allah. Ing jaman samangke cariyos punika sami kaliyan pandonga ingkang kebak katresnan, tulus, suci sarta celak lan raket.

Abraham saestu abdi kinasihipun Allah. Wonten ing kitab Purwaning Dumadi 12:3 wonten dhawuhipun Gusti dhateng Abraham “sira  bakal dadi berkah.” Dados mboten ngeramaken menawi aturipun Abraham dhumateng Gusti tansah kapirengaken kanthi estu dening Allah. Aturipun Abraham ingkang wongsal-wangsul dipun ewahi dening Abraham piyambak nedahaken kadospundi pentingipun Abraham ing ngarsanipun Gusti Allah. Tiyang ingkang tulus pitados dhumateng Allah pancen sanget dipun tresnani dening Allah.

Pasinaon salajengipun nedahaken bilih Allah sesembahanipun Abraham punika sanes Gusti ingkang  tebih saking manungsa. Gusti sesembahanipun Abraham punika Gusti ingkang celak kaliyan manungsa lan remen tetuwi. Gusti Allah punika remen rerembagan lan reraosan bab gesanging manungsa sadinten-dinten.  Punapa ingkang dados pikiranipun manungsa saged dipun aturaken dhumateng Panjenenganipun, kapan kemawon.

Abraham sumerep bilih Gustinipun mboten nate ngrancang paring paukuman dhateng sinten kemawon. Paukuman punika sumberipun saking manungsa piyambak. Gusti ngrancang paring berkah, nanging panerakipun manungsa atas dhawuhipun Allah dados sumbering paukuman kangge manungsa piyambak. Dados, paukuman punika sanes rancanganipun Allah, nanging wohing pendamelipun manungsa.

Aturipun Abraham punika sami kaliyan pandonga. Menawi Abraham matur wongsal-wangsul dhumateng Allah punika ateges bilih pandonganipun mboten kendel-kendel. Pandonga pancen kedah terus, lumintu lan mboten wonten pungkasanipun. Kados Gusti ingkang tansah ngrawuhi manungsa lan paring sabda, makaten ugi manungsa prayogi tansah ngaturaken sedaya angen-angenipun dhumateng Panjenenganipun tanpa kendel. [DLS]

“Pandonga punika minangka ambeganing karohanen kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak