Waosan : Jabur (Mazmur) 119 : 41 – 48 | Pamuji : KPJ 68
Nats: “Dhuh Yéhuwah, mugi kawula kadhawahana ing sih-susetya Paduka, karahayon peparing Paduka punika laras kaliyan janji Paduka.” [ayat 41]
Ing satunggaling wekdal wonten ing padhépokan ngèlmu, guru mréntah salah satunggaling muridipun. Saben dinten sang murid punika kedah mendhet toya saking belik ingkang tebihipun watawis 50 meter, kabekta dhateng padhépokan. Tiyang-tiyang ingkang sumerep sami alok lan nggujeng: ”Sajané sing bodho ki guruné apa muridé ya?” awit sami ningali bilih timba kalih ingkang dipun pikul sang murid kalawau bocor sedaya. Sejatosipun sang murid ugi sampun protes sesambetan kaliyan bab punika, nanging sang guru boten ngeparengaken timba dipun gantos.
Wekdal gantos wekdal, sasi gantos sasi, ngantos satunggal taun, prayata margi sisih kiwa wiwit saking belik ngantos padhépokan kawontenanipun subur sanget. Wit-witan ronipun ijo royo-royo, wohipun sami gembel, lan tiyang-tiyang sauruting margi punika sami saged ramban lan pados kulupan ing mriku. Malah saged mendhet kates, pisang, jambu, lan sanès-sanèsipun kanthi sasekécanipun. Ningali punika sang murid gèdhèg-gèdhèg, piyambakipun nembé mangertos punapa sejatosipun ingkang dipun wucalaken sang guru. Lelampahan ingkang selami punika kados-kados tumindak bodho, nyatanipun minangka satunggal kayektèn wujuding katresnan tumrap sesami.
Tiyang ingkang nglampahi tumindak katresnan, asring ketawis nglampahi tumindak bodho. Awit dipun ukur kaliyan ukuran untung-rugi, ukuran logika (nalar), matematika, lsp. Namung ingkang manahipun lubèr ing katresnan, ingkang badhé saged mangertos lampahing tumindak tresna punika minangka kayektèn. Milanipun Juru mazmur ndedonga nyuwun dhateng Sang Yéhuwah supados kadhawahan sih-susetya. Awit, sok sintena ingkang kadhawahan sih-susetya saking Gusti Allah, tamtu manahipun badhe lubèr ing katresnan lan nampi saha nindakaken katresnan punika minangka kayektèn wonten gesangipun. Kanthi mekaten ugi saged nglubèraken katresnan, ngedum-edum katresnan punika wonten ing tumindak nyata dhateng sesami. [wn]
“Tresna iku……………………………. kayektèn.”