Waosan : Yeremia 18 : 12 – 17 | Pamuji : KPK 62
Nats: “Wong-wong mau bakal padha mangsuli, “Kénging menapa kula kedah sami mratobat? Mboten prelu;kula badhé tetep mangkotaken manah lan tetep nglampahi piawon, kados ingkang dados sedyaning manah kula.’“[ayat 12]
Thomas Alva Edison, ing tahun 1877 -1879 nindakaken penelitian lan uji coba ndamel lampu kanthi energi listrik. Awit rikala semanten penerangan taksih mawi lilin utawi lisah. Anggenipun nindakaken penelitian lan uji coba ngantos ndamel 6000 bahan lan nelasaken arta 40.000 dolar kangge biaya proyekipun. Ing taun 1879 usahanipun nuwuhaken asil, sasampunipun wongsal-wangsul gagal. Thomas Alva Edison saged kasil ndamel lampu penerang mawi energy listrik ingkang dipun wastani lampu pijar.
Thomas Alva Edison mboten nate nglokro supados pikantuk asil ingkang sae. Bahan baku ingkang dipun damel, bilih gagal dipun gantos malih kalian bahan ingkang sanesipun ngantos kaping 6000 bahan. Saupami piyambakipun nglokro, lan mboten purun nggantos bahan baku ingkang gagag ngantos kaping 6000, mbokmenawi ngantos samangke kita mboten saged ngraosaken lampu listrik.
Bangsa Israel dipun emutaken Gusti Allah lantaran nabi Yeremia, supados mratobat lan purun ngewahi pakulinan awon. Ananging emanipun, bangsa Israel mboten purun. Kadosdene ingkang dipun dhawuhaken dening Gusti bilih perkawis ingkang nggegirisi badhe kelampahan ing bangsa Israel menawi mboten purun mratobat.
Saben tiyang kedah wantun lan purun ngewahi pakulinan ingkang awon supados saged ngundhuh perkawis ingkang sae saking tumindak ingkang sae. Bilih mboten wantun lan mboten purun ngewahi pakulinan ingkang awon, mesthi badhe ngundhuh perkawis ingkang awon ugi ing salebeting gesang. Contonipun: lare-lare sekolah ingkang males sinau mesthi mboten minggah kelas. Lare-lare kedah wantun nilar gadget-ipun supados saged sregep sinau. Utawi kita ugi kedah wantun nilar kanca-kanca ingkang ndadosaken pengaruh awon kangge kita. Sumangga kita sami wantun ngewahi tumindak ingkang awon supados saged ngundhuh perkawis ingkang sae ing gesang kita. [Ari]
“Sapa nandur kabecikan bakal ngundhuh woh kang becik.”