Waosan : 2 Petrus 2 : 1 – 10 | Pamuji : KPK 330
Nats: “Pangeran mirsa carane ngentasake wong mursid saka ing godha rencana sarta nyadhangake para wong duraka marang ing dina pangadilan bakal kasiksa, luwih maneh wong kang padha nuruti hawa-nepsune marga kepencut ing jejember sarta ngremehake prentahing Allah.” [ayat 9, 10a]
Iba bingahipun manungsa menawi ing gesangipun nampeni pangentasan saking godha rencana. Awit sampun dados pepesthen menawi taksih gesang ing jagad, saben tiyang mesthi ngalami godha rencana. Lan boten gampil tiyang nglampahi gesang ingkang mursid, menawi taksih wonten godha rencana ing gesangipun. Menapa malih dosa karana nglampahi piwulang nasar saking guru-guru palsu.
Nanging Gusti ugi paring paukuman dhateng tiyang ingkang nglampahi pamblunthah lan ugi saking pokal damelipun nyenyamah margining kayekten. Wonten tigang perkawis ingkang dipun damel dening nabi palsu, inggih menika: piyambakipun mejahi dhiri karana nyelaki (menyangkal) Gusti Yesus, piyambakipun nggeret tiyang sanes dados pandherekipun lan piyambakipun namung pados keuntungan dhiri.
Paukuman lan pitulungan sampun nate kedadosan kepengker ing sejarah gesanging umatipun Gusti Allah. Ancas lan tujuanipun kangge tenger bilih Gusti ngersakaken kawilujengan saestu dipun jangkepi. Ingkang dipun lampahi ing jamanipun Nuh lan Lut menika wujuding conto. Kados pundi Gusti Allah milujengaken umatipun. Semanten ugi nasib malaikat malaekat ingkang dhawah dosa dados conto ing dinaning pengadilan.
Ing wegdal menika pemberontakanipun manungsa ingkang sampun ing puncaking pigesangan tanpa pengendalian dhiri lan nampik Kratoning Allah, badhe ngalami kasangsaran. Nanging Nuh lan Lot dados conto bilih tiyang ingkang ngugemi kayekten mesthi dipun luwari saking paukuman lan kasangsaran. Sampun samesthinipun kita nuladhani Nuh lan Lot. Sampun ngantos kesasar nuruti nabi palsu! Sampun ngantos kita dados kados nabi palsu ingkang ndadosaken tiyang kasasar. [Bpur]
“Sampun samesthinipun tiyang lepat kaukum lan tiyang mursid nampi pitulungan.”