Ngantepi Pracaya

24 September 2017

Waosan: Filipi 1: 21-30  |   Pamuji: KPK 194
Nats:
“Sing prelu yakuwi uripmu kudu cocog karo Injilé Sang Kristus, supaya ketemu apa ora ketemu karo kowé, aku bakal krungu yèn kowé padha tetep mantep nunggal karep, lan padha bebarengan ngudi nggayuh marang prekara siji, yakuwi bab precaya marang Injil.” (ayat 27)

Ingkang kasebat Kitab Injil nggih menika Mateus, Markus, Lukas lan Yokanan. Kitab-kitab sanesipun ing Prajanjian Enggal boten kasebat Kitab Injil, kasebat kitab rasuli. Nanging sedaya kitab menika isi paseksi bab sabda, pakaryan lan sihipun Gusti.

Injil ingkang dipun pikajengaken ing waosan dinten menika sanes Kitab Suci Injil, nanging pawartos kawilujengan pakaryan lan kanugrahanipun Sang Kristus. Nalika serat Filipi menika kaserat, dereng wonten Kitab Suci Injil kados samangke. Injilipun Sang Kristus kawartosaken supados saben tiyang ingkang nampeni purun gesang manut karsanipun Sang Kristus. Ingkang dipun karsakaken nggih menika pitados ingkang mantep lan sami tetunggilan kaliyan Sang Kristus lan kaliyan sesami tunggil kapitadosan. Prekawis pitados lan tetunggilan menika boten namung kanugrahanipun Gusti, nanging ugi kabudidaya kanthi temen-temen. Anggenipun mbudidaya nggayuh gesang ingkang cundhuk kaliyan Injilipun Sang Kristus menika -kukuhing kapitadosan lan rumaketing tetunggilan- tiyang pitados saged ngalami kasangsaran. Nanging menawi ngengeti lan ngugemi Injilipun Sang Kristus -nggih menika kawilujengan pakaryan lan kanugrahanipun Gusti Yesus Kristus-, kasangsaran menika boten badhe nyuda krenteging manah nedya gesang manut karsanipun Sang Kristus. Tuwuh lan anteping kapitadosan dhumateng Gusti Yesus Kristus kedah diperjuangkan (kabudidaya).

Sabdanipun Gusti ingkang isi Injil (pawartos kawilujengan pakaryan lan kanugrahanipun Gusti) menika sayogya kita ugemi lan ndhasari sikep lan tumindak kita. Dhedhasar Injil menika kita antepi kapitadosan kita lan kita raketaken patunggilan kita kaliyan Gusti lan kaliyan sesamining tunggil pitados. Tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus mesthi lan kedah tetunggilan, lan ing patunggilan menika kapitadosan kaantepaken. [st]

“Iman maujud lan kaantepaken ing patunggilan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak