Waosan : Markus 11 : 12 – 14, 20 – 24 | Pamuji : KPK 168
Nats: “Apa bae kang koksuwun lan kok dongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe.” [ayat 24]
Cariyos kita dinten punika kawiwitan prekawis Gusti nyupata wit anjir (Ara). Mesthinipun Gusti mboten prelu nyupata wit anjir kalawau, awit pancen dereng wancinipun nuwuhaken wohipun. Nanging ingkang dipun tindakaken Gusti punika minangka pasemon bab umatipun Gusti ingkang mboten pitados dhumateng Allah. Umat ingkang mboten pitados dhumateng Allah punika kados wit anjir ingkang mboten ngedalaken woh. Gesangipun namung nuwuhaken godhong, sanadyan gembel nanging mboten wonten asilipun (tanpa woh). Wit ingkang kados makaten prayogi pejah kemawon, awit mboten wonten gunanipun gesang. Makaten pasemon ingkang dipun kersakaken Gusti gandheng kaliyan dhawuhipun dhumateng wit anjir kalawau.
Salajengipun dhawuhipun Gusti kangge wit anjir kalawau ugi ngemu teges bilih Gusti kagungan kuwasa nindakaken punapa kemawon miturut kersanipun. Kagem Panjenenganipun, nindakaken kaelokan kados pundi kemawon sanes prekawis ingkang mokal. Malah Gusti inggih dhawuh bilih dhasaring dhawuh ingkang dados kasunyatan punika mboten sanes inggih kapitadosan (iman). Sinten kemawon ingkang nggadhahi kapitadosan sampurna mesthi saged nindakaken mukjijat kados Gusti Yesus. Dhawuhipun Gusti, “Apa bae kang koksuwun lan kok dongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe.” (ay. 24)
Sedaya pakaryan lan pangandikanipun Gusti Yesus katindakaken namung adhedhasar kersanipun Sang Rama ingkang wonten ing swarga. Mboten wonten mukjijat ingkang katindakaken kagem kapreluanipun Gusti Yesus pribadi. Sedaya kalawau kelampahan mboten kanthi raos kepeksa, nanging kanthi tulus ing manah. Pancen makaten sesambetanipun Gusti Yesus kaliyan Ramanipun ing swarga. Sampun ngantos kita kesupen bilih Yesus punika sejatosipun inggih Allah ingkang manjalma dados manungsa. Pandonga pancen mboten namung ateges tembung ingkang kita aturaken kagem Allah. Pandonga sejati punika ugi ateges tekad, niat (perjuangan) suci manungsa (nunggil) kaliyan Allahipun. [DLS]
“Pendamel kita punika pandonga ingkang ketingal.”