Ngalami

Waosan : Wulang Bebasan (Amsal) 9 : 1 – 18  |  Pamuji : KPK 127
Nats: “Sapa kang ora duwe pengalaman, padha mrenea,…” [ayat 4a]

Wonten video cekak ingkang dipun garap dening Ting Chian Tey ingkang irah-irahanipun Bridge. Bridge nyariyosaken piwulang bab andhap asor. Wonten kebo lan beruang ingkang badhe nyabrang lepen mawi wot ingkang kadamel saking kayu lan tali. Wot punika cupet, boten jembar, namung cekap kangge tiyang setunggal. Rupinipun, kebo lan beruang punika boten wonten ingkang purun ngalah lan kekalihipun kepengin nyabrang sesarengan. Kebo saking sisih ler, beruang saking sisih kidul. Dumugi ing tengahing wot, kekalihipun aben ajeng, kekalihipun boten saged liwat. Boten wonten ingkang purun ngalah lan wusananipun sami regejegan. Ing satengahing regejegan, wonten marmut lan truwelu ingkang badhe nyabrang mawi wot niku. Marmut saking sisih ler, ing sawingkingipun kebo, truwelu saking sisih kidul, ing sawingkingpun beruang. Apesipun, marmut lan truwelu punika kenging awu angetipun kebo lan beruang. Marmut lan truwelu punika dipun sadhuk. Marmut lan truwelu nesu. Sanalika, marmut ngrikiti tali wot ing sisih ler, semanten ugi truwelu, ngudhari tali wot ing sisih kidul. Talinipun wot lajeng udhar, kebo lan beruang ambyur ing lepen. Samangke wot punika nggantung. Marmut lan truwelu nyobi liwat. Rupinipun, perkawisipun sami, namung cekap lan kamot kangge tiyang setunggal. Boten ewet-ewet, Marmut lajeng ndlosor, supados truwelu saged mlumpat lan nyabrang. Wah… benten kaliyan kebo lan beruang kalawau!

Andhap asor boten mesthi kasor utawi kalah. Tiyang ingkang purun ngalah utawi ngasoraken dirinipun saged kawastanan tiyang ingkang wicaksana. Tiyang saged dados wicaksana menawi purun ngalami. Ing ayat 4-6, kawicaksanan nimbali tiyang-tiyang ingkang dereng nggadhahi pengalaman lan cupet ing budi, sareng-sareng kembul bujana, “mangan roti lan ngombe anggur.” Gegambaran kembul bujana punika pralambang supados sami nilaraken kabodhoan lan manut ing pangerten. “Mangan” lan “ngombe” punika nggih lelampahan nindakaken lan ngalami, ngraosaken: pedes, napa asin, napa legi. Kepengin dados tiyang ingkang wicaksana? Mangga sami purun ngalami, ngudi  dhiri lumantar gesang ingkang raosipun sok-sok pait, legi, lan asin. Menawi marmut wau boten purun ngalami ndlosor, nasibipun sami kaliyan kebo lan beruang, ambyur ing lepen……. [dix]

“Lelakon iku guru kang becik.”

 

Bagikan Entri Ini: