Waosan : Purwaning Dumadi 41 : 14 – 36 | Pamuji : KPK 134
Wangsulané Yusuf, “Sanès kula gusti, nanging Gusti Allah piyambak ingkang badhé maringi ketrangan.” [ayat 16]
Wonten unen-unen Jawi “Aja rumangsa bisa, ning bisaa rumangsa”. Unen-unen menika ngemu piweling dhateng sedaya tiyang supados purun ngrumaosi kekiranganipun piyambak lan ngakeni kaluwihanipun tiyang sanes. Sapinter-pinter kita mesthi taksih wonten ingkang langkung pinter pinter. Sabanter-banter kita taksih wonten ingkang langkung rikat tinimbang kita. Menawi kita saged nindakaken satunggaling perkawis kanthi sae sanget, kita kedah ngrumaosi bilih wonten pihak sanes ingkang ndamel kita saged tumindak sae menika. Mokal kita saged nindakaken perkawis kanthi sae sanget namung amargi kasagedan kita piyambak tanpa cawe-cawenipun pihak sanes, menapa Gusti Allah, menapa tiyang sepuh, menapa guru, menapa pihak sanesipun malih.
Watak “bisa rumangsa” menika jebul dipun gadhahi dening Sang Raja Pringon. Nadyan Sang Pringon menika satunggaling ratu agung ing jagad (Mesir), nanging panenenganipun kersa ngakeni bilih Yusuf nggadhahi kaluwihan nglangkungi sedaya tiyang sanegari Mesir, kalebet panjenenganipun piyambak. Nadyan Yusuf menika (wiwitanipun) namung batur tukon, salajengipun dados napi (nara pidana), namung tiyang remeh, nanging dipun akeni kaluwihanipun dening satunggaling ratu agung.
Kosokwangsulipun, Yusuf ngakeni bilih kaluwihanipun sanes saking dhiri pribadinipun piyambak. Kasagedanipun mbatang impenipun Sang Pringon menika dipun akeni saking Gusti Allah, boten dipun daku piyambak. Yusuf ngakeni remehing drajadipun. Nanging Gusti Allah ngagem Yusuf ingkang remeh menika dados lantaran pakaryanipun Allah ingkang agung milujengaken tiyang satanah Mesir, malah ugi bangsa sanes.
Wanita ugi asring kaanggep remeh dening pria. Mekaten ugi tiyang anem lan bocah asring kaanggep remeh dening ingkang langkung sepuh. Para pria asring “rumangsa luwih bisa” tinimbang wanita ing sedaya prekawis. Gusti Allah karsa ngagem wanita nindakaken pakaryanipun. Sejatosipun kita ugi remeh menawi kabandhing kaliyan Gusti. Allah kemawon karsa ngagem sintena kemawon, sampun ngantos kita ngremehaken wanita, tiyang anem lan bocah. [st]
“Allah ora nate ngremehake sapa wae. Kita aja ngremehake wong liya!”