Netepi Dhawuhipun Gusti

Waosan : Jabur (Mazmur) 119 : 1 – 8 | Pamuji : KPK193
Nats: “Rahayu wong kang netepi ing dhawuh pepengete……” [ayat 2]

Punapa ta ginanipun Undang-undang? Kita asring mireng lan maos ing berita, wakiling rakyat ing DPR, saweg ngrembag undang-undang. Criyosipun kathah sanget undang-undang ingkang dipun rembag. Ngantos wegdalipun boten cekap kangge ngrampungaken sedaya undang-undang. Mboten namung wakiling rakyat ing DPR ingkang ngrembag undang-undang, wakiling warganipun pasamuwan ingkang dados anggota MJ, MD, lan MA ugi asring ngrembag bab pranataning greja. Kangge ngrembag undang-undang tamtunipun mboten gratis, wonten biaya ingkang kedah dipun cawisaken. Sepisan malih, punapa ta ginanipun undang-undang? Wonten ingkang nggadhahi pemanggih bilih wontenipun undang-undang supados saged dipun terak (dilanggar). Menawi pemanggih punika dipun lampahi, nggih kawontenaning masyarakat saged kisruh.

Ginanipun undang-undang inggih punika kangge ngatur lan ugi ngrampungaken masalah ing masyarakat. Supados masyarakat langkung ayem lan tentrem. Punika ateges bilih undang-undang kedah dipun lampahi, boten malah dipun terak. Cundhuk kaliyan dhawuh pangandikanipun Gusti ing dinten punika, tiyang ingkang netepi dhawuh pepengetipun Gusti, badhe nampi karahayon. Karahayon punika mboten namung arupi ganjaran ingkang badhe katampi ing wekasaning jaman, nanging karahayon ingkang dipun tampi ing pigesangan sadinten-dinten, arupi ayem tentrem, awit masyarakat boten kisruh.

Kados pundhi kaliyan kita? Punapa kita ugi nganggep bilih wontenipun undang-undang punika supados dipun terak? Punapa ugi mekaten kaliyan dhawuh pepengetipun Gusti, ingkang kaserat ing Kitab Suci? Sumangga kita sami nglampahi sedaya dhawuh pepengetipun Gusti. Awit kita saged ngrapungaken masalah adhedasar dhawuh pepengetipun Gusti. Menawi mekaten kita saged nampeni karahayon. Karahayon arupi ayem lan tentrem ing manah lan ugi masyarakat. Amin. [SWT]

“Pangandikanipun Gusti menika dados dilah lan pepadhang”

 

Bagikan Entri Ini: