Waosan : Yesaya 7 : 10 – 16 | Pamuji : KPK 145
Nats: “Unjuké Ahas, “Kawula mboten badhé nyuwun pratandha. Kawula mboten purun nyobi dhateng Pangéran.” [ayat 12]
Nalika sepisanan anak kula bidhal kuliah, piyambakipun kula tawani badhe kula tunggil bidhal dhateng kampus. Kula tawa mekaten karana salaminipun sekolah SMA piyambakipun bidhal sekolah tansah dipun teraken lan wangsulipun tansah dipun papag. Nanging nalika kula tawani kula tunggil dhateng kampus, piyambakipun nampik. Lan jebul nalika wangsul saking kampus piyambakipun boten ngalami prekawis (masalah) satunggal menapa. Nampik panunggil (penyertaan) kula minangka manungsa, boten dados menapa. Nanging menawi nampik panunggilipun Gusti Allah badhe ngalami prekawis ingkang boten kita kajengaken.
Ing waosan kita dinten menika Gusti Allah nawani raja Ahas tandha bilih Panjenenganipun badhe tansah nunggil kaliyan piyambakipun. Nanging Ahas nampik nyuwun pratandha menika. Kamangka panunggilipun Gusti Allah ateges bilih Panjenenganipun mesthi badhe mitulungi piyambakipun ngadhepi sedaya bebaya. Krajan Yehuda ingkang kapimpin dening Ahas kaancam badhe kagebug dening Israel (sisih ler) lan Aram. Lan Ahas sejatosipun ajrih sanget dhateng bebaya menika. Nanging piyambakipun tetep nampik panunggilipun Gusti. Piyambakipun langkung milih tetunggilan kaliyan Asyur ingkang dados mengsahipun Israel lan Aram. Nadyan Ahas nampik, nanging Gusti Allah tetep paring pratandha bilih Panjenenganipun badhe tansah nunggil srana lairipun Imanuel lumantar satunggaling kenya. Lumantar Imanuel, Gusti Allah boten badhe negakaken umatipun, badhe mitulungi rahayu umatipun.
Kita asring boten ngrumaosi bilih kita sok nampik panunggilipun Gusti. Mbokmenawi kita apitaken kapan lan menapa tandhanipun bilih kita nampik panunggilipun Gusti? Samangsa kita boten purun ndedonga, menawi kita boten purun ngabekti, boten purun maos sabdanipun Gusti, sejatosipun ing ngriku kita nampik panunggilipun Gusti. Sampun ngantos nate kita nampik panunggilipun Gusti dhateng kita! Panunggilipun Gusti menika pitulungan kita lan katentreman kita. [st]
“Nunggil lan Gusti gawe ayem tentreming ati.”