Waosan : Yakobus 4 : 11 – 16 | Pamuji: KPK 143 : 1, 2, 3/ KPJ 185 : 1, 2, 5
Nats: Sabenare kowe kudu ngucap: “Manawa Pangeran marengake, aku bakal kasambungan umur sarta bakal nglakoni mangkene utawa mangkono.” (ay. 15)
Sedaya lalampahan sae menika namung saking keparenging Gusti Allah ingkang Mahakawasa. Dados ingkang kagungan panguwasa menggah menapa kemawon ingkang lumapah ing sadhegah perkawis menika namung Gusti Allah. Mila mesthinipun manungsa ngrumiyinaken pangwasanipun Gusti tinimbang kekiyatanipun piyambak, “Manawa Pangeran marengake.”
Menika dhasar ingkang nemtokaken, ingkang kedah dipun gatosaken kangge sedaya rancangan. “Kula badhe ngriki malih, menawi Gusti Allah marengaken” menika ugi saged dados pratandha bilih tiyang pitados ngrumiyinaken pangwasanipun Gusti Allah katimbang panguwasanipun manungsa. Awit gesang lan sedaya rancangan kita menika gumantung ing karsanipun Gusti Allah. Awit sedaya manungsa boten sumurup menapa ingkang badhe kalampahan ing dinten benjing.
Karana rancangan, wekdal saha lelampahan menika wonten pangwasanipun Gusti, pramila ingkang kita lampahi kedahipun namung: “Sendika dhawuh” dhumateng Pangeran ingkang kagungan panguwasa ing sadhengah perkawis. Kanthi ukara sanes mugi pakaryanipun Gusti lumampah ngrumiyini rancanganipun manungsa. Awit rancanganipun Gusti sanes rancanganipun manungsa lan dalanipun manungsa sanes marginipun Gusti. Dados lepat menawi Gusti cawe-cawe ing pakaryanipun manungsa. Kedahipun manungsa ingkang ngabdi ing karsanipun Gusti. Menawi Gusti cawe-cawe ing gesangipun manungsa, pakaryanipun manungsa badhe lumampah sae.
Kita kedah ngamini menawi nggadhahi rancangan menapa kemawon, matur: “Menawi Gusti Allah marengaken, kula badhe nglampahi menapa kemawon ingkang badhe kita lampahi.” Kanthi saestu mitadosaken sedaya panguwasa wonten ing ngarsanipun Gusti. Dene kita tansaha madosi saha sinau nglampahi menapa ingkang dados karsanipun Gusti. Karana rancanganipun Gusti boten tumuju dhateng kacilakan ananging tumuju dhateng karaharjan. Karana wekdal menika wonten ing panguwasanipun Gusti, kita ugi boten saged nata umur kita. [Bpur]
“Ngupadia keparenging Gusti ing salakumu!”