Mburu Angin

8 August 2016

Waosan : Kohelet (Pengkhotbah) 2 : 1 – 17  |  Pamuji : KPK  71
Nats: “samubarang kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin.” [ayat 17]

Mburu angin punika satunggaling pasemon bab pendamelan ingkang tanpa guna utawi muspra. Menawi kita sumerep saderengipun bilih setunggaling pendamelan punika muspra, mesthi kita mboten badhe nglampahi pendamelan kalawau. Sampun limrahipun  kita punika nyambut damel kangge prekawis-prekawis ingkang migunani, sae kangge kita pribadi utawi kangge tiyang sanes. Menawi pendamelan kita tanpa guna, punika kita rugi kaping kalih, kesel, kecalan wekdal  lan mboten wonten asilipun.

Para pujangga ingkang nyerat kitab Kohelet maringi kita piwucal bab muspraning sedaya pendamelanipun manungsa ing donya, dadosa ingkang wicaksana, mekaten ugi ingkang bodho. Ingkang wicaksana, lan pinter, asring langkung migunani lan kathah asiling pendamelanipun tinimbang ingkang bodho. Ing sawatawis prekawis ketingalipun ingkang pinter utawi wicaksana gesangipun benten kaliyan ingkang bodho.

Nanging wusananipun ingkang nyerat kitab Kohelet manggihaken bilih tiyang pinter lan bodho punika  badhe sami-sami tilar donya. Kanthi makaten piwucal gesang ingkang kita tampi SEDAYA PENDAMELAN PUNIKA MUSPRA UTAWI GESANG PUNIKA PANCEN MUSPRA. Kadosapundi prigelipun manungsa nglampahi pendamelanipun, tetep kemawon asilipun mboten wonten. Menawi sampun kados makaten pemanggihipun para pujangga, lajeng kadospundi  samesthinipun kita nglampahi gesang lan pendamelan kita?

Kita gesang punika sanes adhedhasar rancangan kita piyambak. Kita gesang punika awit Allah ingkang ngrancang lan ngutus kita (Jabur 139:13). Menawi gesang lan pendamelan kita, kita lampahi adhedhasar nalar kita piyambak, tamtu punika sulaya kaliyan rancanganipun ingkang Nitahaken kita. Tujuan gesang lan pendamelan kita ing alam donya punika supados nglampahi punapa ingkang  karancang dening Allah (II Korinta 5:15). Kados Gusti Yesus ingkang bingah nindakaken pakaryanIPUN, makaten ugi tiyang pitados kanthi bingahing manahipun nglampahi dhawuhipun  Allah. [DLS]

“Rancanganipun Allah punika mboten mburu angin. Rancanganipun sae kangge kita sadaya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak