Waosan : Jabur (Mazmur) 119 : 9 – 16 | Pamuji : KPK 190 : 1, 2
Nats: “Tiyang nem-neman sagedipun tetep sae lampahipun punika isyaratipun menapa? Menawi netepi ing pangandika Paduka.” [ayat 9]
Wonten unen-unen basa Indonesia: Pemuda harapan bangsa (gereja). Pemuda masa depan bangsa (gereja). Artosipun tiyang-tiyang nem-neman menika kaangkah dados tiyang-tiyang ingkang saged kaajeng-ajeng kangge kasaenanipun bangsa lan greja. Bangsa lan greja ing salajengipun mangke kados pundi, sekedhik kathah gumantung dhateng para nem-nemanipun.
Pangajeng-ajeng lan pemanggih ingkang mekaten menika saestu sae, langkung-langkung menawi saestu saged kadumugen. Kados pundi caranipun supados pamanggih lan pangajeng-ajeng menika saged kelampahan? Sampun tamtu kedah kacawisaken, dipun sangoni bab-bab ingkang gegayutan kaliyan kebetahan jasmani lan rohaninipun, matemah dados generasi ingkang estu-estu sehat lair lan batosipun.
Menggah sangu ingkang gegayutan kaliyan kebetahan jasmaninipun, kita sedaya sampun sami mengertos. Dene bab-bab ingkang gegayutan kaliyan kabetahan rohaninipun, waosan kita dhawuhaken :
- Dipun gegulang netepi dhawuhipun Gusti.
- Kaajak tansah ngupadi Gusti Allah kanthi gumolonging manah lan bot nyimpang saking pepakenipun Gusti.
- Dipun gladi nyimpen sedaya janji praseyanipun Allah, supados bote damel dosa.
- Tansah kaajak mbikak manah lan gesangipun nampeni piwucalipun Gusti bab pranatanipun.
- Kagladi nyariyosaken sakathahing sarak ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah srana lathinipun
- Kaudi tansah rumaos bingah gesang wonten ing pepengetipun Gusti, kadosdene ing bab sakathahing raja-brana.
- Tansah kabereg nggadhahi niyat lan tekad boten badhe kesupen dhateng Pangandikanipun Gusti lan remen gesang wonten ing pranatanipun Gusti.
Kita para tiyang sepuh boten namung nggegulang, ngajak, nggladi lan ngudi sarta mbereg tiyang nem-neman supados sae lampahipun, ananging kita kedah dados tuladha. Amin. [SS]
Laku becik kudu diwulangake, laku ala kudu diadohake.