Laku Putraning Pepadhang

24 March 2017

Waosan : Efesus 5 : 1 – 9 | Pamuji : KPK 294 : 3, 4
Nats: “Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang” [ayat 8]

Menawi lampu pejah, umumipun kita sami bingung, kraos sumpek, lsp. Kosokwangsulipun menawi dumadakan lampu murub malih kita dados bingah, biasanipun kanthi boten sengaja nunten mungel: waaaaa…….. Ananging kasunyatan nedahaken kawontenan ingkang radi benten, umumipun manungsa remen gesang ing “pepeteng”, lumampah ing “pepeteng”, nggadhahi “pratingkahe pepeteng”, tinimbang gesang ing “pepadhang”, lumampah ing “pepadhang”, nggadhahi “pratingkahe pepadhang”.
Waosan kita dinten menika paring pitedah bab etika sosial, ingkang gegayutan kaliyan sikap lan tindak tanduk kita ing tengahing masyarakat. Paulus nyebat para tiyang ingkang maos seratipun kanthi sebatan putra-putra kekasih (1), para suci. Nanging Paulus ugi ngengetaken bilih gesangipun para kekasih, para suci menika boten kapisahaken kaliyan njagad menika, malah kapapanaken ing tengahing njagad ingkang pepisahan kaliyan Gusti Allah (I Yoh 2:15-17) lan ingkang lelawanan kaliyan jiwa Kristen (II Kor 6:14). Awit saking menika Paulus ngengetaken: “Aja nganti kowe kena disasarake kalawan tetembungan kang kothong…. lan…. aja nganti kowe kekancan karo wong-wong iku!” (ay. 6, 7)

Adhedhasar kawontenan ingkang mekaten menika, Paulus ngengetaken tugas lan timbalanipun Gereja/ tiyang Kristen:

  1. mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang (8b).
  2. dados tiyang ingkang gesangipun namung gumantung dhateng Gusti Allah lan tansah tumoleh dhateng Gusti kanthi kebak raos sokur.
  3. minangka para pendherekipun kawicaksanan kanthi ngrucat sedaya kabodhoanipun masyarakat ingkang boten bermoral lan materialistis (remen bandha donya).

Saestu satungaling kabegjan lan kanugrahan ingkang ageng dene kita ugi kasebat para kekasih, para suci, awit sampun katebus dening Gusti Yesus Kristus. Ananging ugi saged kawastanan kabegjan menawi kita tansah enget:

  1. bilih gesang kita boten kapisahaken kaliyan njagad menika;
  2. dhateng timbalan kita dados putra-putraning pepadhang, ingkang kacetha ing lampah tansah tumindak sae, adil lan leres. Amin.[SS]

“Lampu sing padhang mesthi disenengi”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak