Waosan : 2 Korinta 5 : 17 – 21 | Pamuji KPK 261 : 1, 3
Nats: “… atas Asmane Sang Kristus panjalukku marang kowe; padha gelema karukunake karo Gusti Allah.” [ayat 20]
Kita nate nekseni wonten sadherek ingkang sami memengsahan, boten purun lan ewet karukunaken (satru), kanthi mungel: “aja maneh nyapa, nyawang wae mburuhake.” Kita sedaya sami ngajeng-ajeng wontenipun pirukun ing gesang bebrayan, pasamuwan lan negari. Kita mangertos bilih rukun menika penting sanget, awit menika ingkang ndhatengaken katentreman, kaayeman lan kraharjan ing gesang kita sami.
Ananging kita ugi sami mangertos lan kraos saiba ewetipun mujudaken pirukun menika. Awit manungsa saking dhirinipun piyambak, saking pambudidayanipun piyambak boten badhe saged mujudaken pirukun menika, langkung-langkung gesang rukun kaliyan Gusti Allah.
Waosan kita ndhawuhaken bilih manungsa saged rukun kaliyan Gusti Allah, menawi Gusti Allah ingkang ngrukunaken. Lan menika katindakaken dening Gusti Allah lumantar Sang Kristus, kanthi boten ngetang sepinten agenging panerak kita. Salajengipun Gusti Allah masrahaken ayahan karukunan lan pawartos bab karukunan menika dhateng kita sami para umat tetebusanipun.
Rasul Paulus ngrumaosi bilih piyambakipun ugi sami dados utusanipun Sang Kristus, kados-kados Gusti Allah ingkang paring pitutur dhateng kita sami, atas asmanipun Sang Kristus, sami puruna karukunaken kaliyan Gusti Allah. Sang Kristus ingkang boten tepang kaliyan dosa, sampun kadadosaken dosa karana kita, supados wonten ing Sang Kristus kita kaleresaken dening Gusti Allah.
Kita saged rukun kaliyan sesami kita sarta saged mbabaraken pirukun ing antawis kita sami menawi kita:
- Purun karukunakan dening Gusti Allah, tegesipun boten mangkotaken manah kita, nanging mbikak manah kita kagem Gusti Allah.
- Tansah saos sokur dhateng Gusti, sarana boten ngetang kalepatanipun sesami, kadosdene Gusti ugi boten ngetang panerak lan dosa kita.
- Tansah purun ngrumaosi lan ngengeti saiba agengipun labuh labetipun Gusti dhateng kita, ingkang boten tepang dosa kadosakaken karana kita, supados kita kaleresaken dening Gusti Allah, supados kita kauwalaken saking paukuman ingkang langgeng. [SS]
“Pirukun punika wiwitaning kaslametan lan katentreman.”