Waosan: Yehezkiel 18:19-24 | Pamuji: KPK 163
Nats: “Apa Aku rena mirsani patiné wong ala? Ora! Nanging Dakarep-arep supaya mratobat!” (ay. 23)
Miturut catetan kepolisian, salah satunggiling jalaran kathahipun kacilakan ing margi punika karana sopir/ pengemudi punika kirang tilem. Pramila, samangke kathah papan-papan ngaso ingkang kacawisaken kangge para sopir utawi pengemudi punika ingkang kasebat rest area (papan ngaso). Para pengemudi kaatag supados ngaso sawetawis menawi sajakipun ngantuk krana kirang tilem. Lembaga Antariksa Amerika Serikat (NASA) nate naliti bilih pilot ingkang kober ngaso sadangunipun 45 menit, kinerjanipun badhe mindhak 34%, malah kesiagaan tuwin konsentrasinipun mindhak ngantos 100%.
Kita perlu ngaso kangge ngicali raos lungkrah, sulayah, sumpeg, kuwatos kangge mangsulaken malih kakiyatan tenaga kita. Ngaso ndadosaken metabolisme (proses kerja tubuh) dados sae. Nalika ngaso, perangan badan kita ugi ndherek ngaso, mangsulaken malih sel-sel badan ingkang risak, dipun dandosi malih. Mila, sasampunipun tilem, lajeng kraos seger malih. Mekaten ugi karohanen kita, mbetahaken kasehatan ingkang prima, perlu sidhem, supados karohanen ingkang risak saged dipun dandosi malih.
Waosan dinten punika nyariyosaken aturipun tiyang Israel ngawonaken para leluhuripun utawi para generasi ingkang rumiyin, bilih ingkang ndadosaken Israel nampi paukuman punika krana saking para leluhuripun klebet rama lan ibu-nipun. Ing ngriki bangsa Israel umumipun lajeng pados “kambing hitam” saking bebendu ingkang dipun alami. Gusti paring wangsulan bilih pamanggih punika boten leres, awit kaadilan ingkang dipun tindakaken dening Gusti Allah, boten kados ingkang dipun galih dening manungsa. Yehezkiel lajeng nuturaken bilih caranipun Allah paring kaadilan boten kados ingkang dipun penggalih dening manungsa. Awit Gusti Allah nganggep bilih saben tiyang punika kedahipun dewasa ing pamanggih, tutur ugi laku. Saben tiyang nggadhahi tanggel jawab saking punapa ingkang dipun tindakaken.
Mila Gusti Allah ngersakaken supados bangsa punika “ngrumangsani” tumindakipun, menawi tumindak dosa, bangsa punika prelu lerem ing penggalih, seleh, supados saged ndandosi gesangipun srana mratobat. (pong)
“Kajasmanen lan karohanen perlu kadandosaken supados kita sehat.”