Janji Pangluwaran

22 December 2016

Waosan : Yesaya 33 : 17 – 22 | Pujian: KPK 2 : 1,3,4
Nats: “Pangeran Yehuwah iku Hakim kita, Pangeran Yehuwah iku kang paring angger-angger marang kita; Pangeran Yehuwah iku kang jumeneng dadi Ratu kita, Panjenengane bakal ngluwari kita” [ayat 22]

Kita tamtu asring rumaos kuciwa karana janjinipun tiyang ingkang badhe mitulungi kita jebul namung janji ingkang nglaha, boten wonten bukti nyatanipun. Tiyang ingkang nindhes kita, ingkang tumindakipun murugaken kita ngalami kasangsaran, tetep kemawon nyiksa kita, tetep gesang kados ingkang sampun kelampahan.

Waosan kita dinten menika ngandharaken pameca utawi prajanji bab karahayon saking Sang Yehuwah tumrap umatipun. Bangsa ingkang bengis ingkang nganiaya umatipun Yehuwah lan ngrisak pigesanganipun badhe sirna. Klayan makaten, kasangsaran boten badhe wonten malih. Pangeran Yehuwah jumeneng Hakim ing antawisipun kang umat lan mengsahing umatipun menika. Tamtu Sang Hakim menika midana bangsa ingkang bengis menika lan ngluwari umatipun. Menika boten ateges bilih Yehuwah menika mbancindhe mbanciladan utawi pilih kasih. Pangluwaran tumrap umatipun lan paukuman tumrap mengsahing umatipun menika, karana mengsahing umatipun menika bengis dhateng sesaminipun; dene umatipun tansah rineksa ing sadhengah panggodha. Kanthi mekaten, Sang Yehuwah jumeneng Ratu atas umatipun. Tegesipun, Sang Yehuwah menika ingkang ngereh, nguwaosi, ngayomi lan paring ganjaran dhateng umat kagunganipun.

Menapa ingkang kajanjekaken dening Yehuwah mesthi badhe kelampahan kanthi nyata samangsa dumugi ing titi wancinipun. Dhawuh prasetyanipun Yehuwah menika boten wonten ingkang sulaya, mesthi kelampahan. Mekaten ugi badhe kelampahan tumrap kita ingkang dados umat pilihanipun (1 Ptr. 2: 9). Begja kita dene ingkang jumeneng Hakim menika boten sanes inggih Ratu kita piyambak, Gusti Allah kita piyambak ingkang jemeneng dados Rama kita ingkang sanget nresnani kita. Angger kita manut ing pangrehipun, kita mesthi kaluwaran saking panganiaya lan kasangsaran ingkang nempuh dhateng kita. Dene nganiaya kita mesthi badhe nampi pituwasipun piyambak. Mila, kita boten prelu ajrih, malah kepara saos sokur. [st]

“Gusti Allah ora nate mblenjani janji. Sing sabar lan pracayaa!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak