Waosan : 2 Timotius 1 : 1 – 14 | Pamuji : KPK 81
Nats: “Mulane aja isin nglairake paseksen bab Gusti kita sarta aja isin marga saka aku, kang dadi wong ukuman marga saka Panjenengane, nanging melua nandhang sangsara kanggo Injile, kalawan kakuataning Allah!” [ayat 8]
Salah satunggaling akibat ndherek Gusti Yesus inggih punika gesang sangsara kados ingkang dipun alami dening Rasul Paulus. Sang Rasul kinunjara awit anggenipun kukuh ngugemi tumindak leres kados ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus. Manungsa dosa mboten remen dhateng tumindak sae, inggih awit sipatipun dosa ingkang memungsuhan kaliyan karsanipun Allah. Tiyang ingkang ngugemi sabdanipun Gusti badhe ngalami dipun sengiti dening tiyang kathah. Mboten ngeramaken bilih tiyang ingkang setya dhumateng Allah badhe manggihaken pengalaman kados Rasul Paulus.
Awratipun ndherek Gusti mboten namung badhe ngalami kasangsaran kados upaminipun kinunjara, nanging ugi nampeni raos isin. Raos isin punika kangge tiyang kathah langkung nguwatosaken tinimbang sangsara tata lair. Ing gesang padinan, tinimbang isin kathah tiyang nglampahi tumindak lepat kanthi pangangkah supados uwal saking raos isin. Kita kemutan dhateng wangsulanipun bapa Adam lan ibu Kawa nalika nembe nglampahi dosa. Aluwung goroh tinimbang isin, punika sipatipun manungsa. Kenging punapa manungsa ngadhahi sipat ingkang kados makaten? Inggih awit raos isin punika kelangkung awrat tinimbang raos sakit tata lair ingkang kados pundi kemawon.
Cariyos kita dinten punika mratelakaken bilih Rasul Paulus wantun isin minangka pandherekipun Gusti. Kasangsaran ingkang kados pundi kemawon sagah katanggel dening panjenenganipun lair batin. Kenging punapa Rasul Paulus purun nanggel kasangsaran ingkang semanten awratipun punika, malah ngantos nemahi pati? Kenging punapa Rasul Paulus ngersakaken supados Timotius napak tilas panjenenganipun? Miturut Rasul Paulus, tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti punika nggadhahi roh ingkang kelangkung kiyat –ngungkuli sedaya roh sanesipun. Roh kasangsaran lan roh isin kawon kaliyan roh peparingipun Gusti. Kabingahan utawi karahayonipun tiyang pitados punika pancen ngeramaken. Punika sanes prekawis nalar, nanging prekawis kapitadosan. [DLS]
“Sapa isin nekseni dadi pendhereke Gusti bakal kisinan.”