Iman iku Amin

16 August 2016

Waosan : Ibrani 11 : 17 – 28  |  Pamuji : KPK 79
Nats: “Jalaran panjenengane milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa.” [ayat 25]

Ing desa “Kristen” saben wonten warga greja ingkang ngajal, saderengipun kawiwitan pangabekti pangrukti layon, pak modin minangka ingkang mranata adicara paring sesorah utawi sambutan pambuka kangge paring pangiyatan tumrap brayat ingkang ketaman sisah, kinten-kinten mekaten sesorahipun: “… sacara manungsa kita sisah, nanging sacara IMAN kita bingah,…” lan salajengingpun. Wonten tembung IMAN. Mbokmenawi kita mbatin: “ya apa karepe iki, kok sajake mokal! Lha wong susah kok dikon bungah, ah gak ‘realistis’, konyol, sing nggenah wae, susah ya susah wae, ora usah ngongkon bungah barang” lan sapiturutipun.

Satunggaling tokoh asmanipun Kierkegard nate paring seratan bab iman Abraham minangka iman ingkang nekad. Ateges, iman Abraham inggih wujuding iman ingkang pasrah dhateng nasib. Menawi Gusti Allah punika dora (ngapusi) boten maringi keturunan kados dene lintang ing akasa kados dene prasetyanipun, punika ateges imanipun Abraham kados-kados muspra.

Ing ngriki (ayat 17) iman Abraham sanes iman ingkang nekad. Iman Abraham inggih iman ingkang kadhasaran pitepanganipun kaliyan kapribadenipun Allah lan pengalaman tumraping panguwaosipun Allah. Abraham tepang lan wanuh dhumateng Gusti Allah minangka Allah ingkang nresnani lan ngreksa piyambakipun ugi brayatipun. Abraham ugi ningali panguwaosipun Allah ingkang ndadosaken Sara ngandhut lan mbabaraken Ishak ing mangsa sepuhipun. Mila Abraham ugi yakin sestu menawi prasetyanipun Allah bab Ishak minangka pewarisipun mesthi kaleksanan. Nadyan ta Ishak kedah kakurbanaken, Allah badhe nangekaken malih (ayat 19). Tuladha imanipun Abraham punika dipun tulad dening turunipun Abraham. Kita saged ningali sikep iman nalika: Ishak nalika mberkahi Yakub (Ibrani 11:20-22).

Kita, ingkang pracaya dhateng Sang Kristus inggih turunipun Abraham adhedhasar iman (Roma 4:16). Pramila, kita nuladhani Abraham, menawi iman dhateng Gusti Allah, inggih Sang Kristus punika kita amini (yakini), Gusti Allah tansah setya tuhu katresnan ugi kuwaosipun dhateng kita. [Pong]

“Kumandela, pracayaa! Upadinen Kratoning Allah! Atimu ayem kabegjan tumrah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak