Waosan : Para Hakim 7 : 12 – 22 | Pamuji : KPK 91 : 1, 3
Nats: “Padha ngadega, awit Sang Yehuwah wus ngulungake pakemahane wong Midian marang ing tanganmu!” [ayat 15c]
Limrahipun ing paprangan mesthi wonten ingkang mimpang lan kawon. Ananging ingkang boten limrah inggih menika: mimpang nanging tanpa perang/ngasoraken. Kawontenan menika kelampahan nalika zamanipun Hakim Gideon perang kaliyan bangsa Midian lan Amalek. Tiyang Midian lan Amalek, tuwin sagolonganipun saking sisih wetan sami pating glimpang wonten ing lebak, cacahipun kadosdene walang lan untanipun boten saged kaetang kados wedhi ing pinggiring seganten. Sareng Gideon rawuh ing ngriku wonten tiyang ingkang nuju nyariyosaken impen dhateng kancanipun: wonten roti sair saglintir ketingal gumlundhung nrajang pakemahanipun tiyang Midian, ngantos rebah lan mosah-masih, tarubipun risak sedaya. Kancanipun mangsuli: Iku ora liya pedhange Gideon bin Yoas wong Israel, Gusti Allah wis ngulungake wong Midian lan pakemahan iki kabeh marang tangane.
Gideon sareng midhanget cariyos menika enggal-enggal sujud lan wangsul dhateng pakemahanipun tiyang Israel: “Padha ngadega, awit Sang Yehuwah wus ngulungake pakemahane wong Midian marang ing tanganmu”. Tiyang 300 lajeng kapantha dados tiga, saben tiyang dipun cepengi kalasangka lan guci kothong ingkang dipun iseni obor. Tiyang-tiyang menika dipun dhawuhi niru menapa ingkang dipun tindakaken dening Gideon wonten ing tapel watesipun pakemahan. Samangsa Gideon lan 100 tiyang ingkang ndherek piyambakipun, ngungelaken kalasangka, 200 tiyang sanesipun kadhawuhan ngupengi pakemahan kanthi ngungelaken kalasangka lan nguwuh-nguwuh: “Demi Pangeran Yehuwah lan demi Sang Gideon” Nalika tiyang 300 sami ngungelaken kalasangka, Sang Yehuwah ndadosaken wadya balanipun mengsah sami pedhang-pinedhang wonten ing pakemahanipun, lajeng sami kocar-kacir, mlajeng kanthi bengok-bengok.
Lelampahan menika nedahaken bilih Gusti Allah menika saestu tresna dhateng umat kagunganipun; Panjenenganipun menika Mahakawasa, saged ngagem menapa kemawon kangge mitulungi umat kagunganipun. Kita katimbalan sampun ngantos ngegungaken kakiyatan, kasagedan, drajat pangkat, bandha donya kita, ananging namung ngendelaken Yehuwah. Amin.[SS]
“Sing sapa ngandelake Gusti Allah mesthi tinulungan tansah.”