Gumunggung

24 August 2017

Waosan: Yeheskiel 27: 11 – 19   I   Pamuji: KPK 134: 1,2
Nats:
“Sira gumunggung marga saka endahing warnanira, kawicaksananira sira sirnakake dhemi kamulyanira. Mulane sira Sunbuwang marang ing bumi, Sunpasrahake marang para raja dadi tontonan ana ing ngarepe.” (ayat 17)

Kathah prekawis ingkang saged ndadosaken tiyang gumunggung, upaminipun: margi endahing warni, kapinteran, pangkat ingkang inggil, margi bandhanipun kathah, margi sehat/ kiyat, lsp. Sawarnining tumindak gumunggung menika lelawanan kaliyan karsanipun Gusti Allah lan mesthi ndhatengaken paukuman.

Sajakipun Yeheskiel mendhet cariyos ingkang sampun kawentar ing Tirus lan ing pundi-pundi papan ing wegdal semanten, inggih menika bab titah kina (makhluk purba) ingkang manggen ing tamanipun Allah ing salebeting kamulyan lan kasucen, kareksa dening para kerub (malaekat), ananging lajeng katundhung dening Allah karana gumungging manahipun. Inggih mekaten, boten dangu malih raja Tirus badhe dhawah saking kamulyanipun.

Wosing cariyos menika katujokaken dhateng Raja Tirus (ayat 17), lajeng dhateng kithanipun (ayat 18). Kekalihipun badhe katumpes babar pisan. Sedaya tiyang ing antawisipun para bangsa ingkang tepang kaliyan Raja Tirus badhe kaget lan ngungun nyumurupi kawontenanipun Raja Tirus. Wusananipun, gesangipun nuwuhaken pagiris lan sirna salaminipun.

Ing pigesangan kita padintenan, kita kaengetaken lumantar KPK 134, supados kita boten awatek “adigang, adigung, adiguna, sapa sira sapa ingsun”. Awit tumindak ingkang mekaten menika namung nyebar panandhang (adigang), watekipun kamitegan nindhes tiyang sanes, pituwasipun bebendu bramantyanipun Gusti. Adigung: namung nandur sangsara, remen umuk gumunggung ngina mring sesami, mesthi ngundhuh antaka awit adiling Allah. Adiguna: namung ndhedher cilaka, nganggep Allah “tan ana, sabdanya nglaha”, badhe panen karisakan dukaning Pangeran. Sapa sira sapa ingsun: ngendelaken diri, ngangah-angah kadonyan gesangnya lir kewan, awit namung ngingah bilai, pikolehipun namung pati wah gesang ing peteng.

Kosokwangsulipun kita kedah awatek tresna satuhu supados gesang yekti, andhap asor, ajrih asih dhateng Allah supados kinasihan, ngendelaken Kristus Gusti, matemah gesang raharja langgeng. Aja gumunggung….Amin (SS)

“Aja adigang, adigung, adiguna! Ning awateka tresna lan andhap asor!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak