Waosan : Para Rasul 19: 28 – 41 | Pamuji : KPK 174
Nats: “Kaanan ing sakutha kabeh banjur kisruh, wong-wong kabeh padha gumrudug menyang ing gedhong-tontonan lan ngglandhang Gayus sarta Aristarkhus, iku padha wong Makedonia, kang padha lelungan bebarengan karo Rasul Paulus.” [ayat 29]
Ing Efesus wonten reca dewi Arthemis ingkang endah lan kawentar. Kathah tiyang jiarah lan atur kurban ing ngriku. Saderengipun wangsul dhateng panggenanipun piyambak-piyambak sami tumbas pepethan salaka reca dewi Arthemis damelanipun Demitrius. Menika ngangsalaken bathi ingkang kathah kangge tiyang tunggil padamelan kaliyan Demitrius. Nanging sasampunipun sami mireng kotbahipun Rasul Paulus, kathah tiyang ingkang sami pitados dhateng Sang Kristus. Kanthi mekaten cacahipun tiyang ingkang jiarah sansaya kirang, lan kanthi mekaten asilipun Demitrius sansaya kirang. Demitrius temtu boten remen dhateng kawontenan ingkang mekaten. Pramila ngempalaken kanca-kancanipun. Ing pepanggihan menika dipun tuturi kanthi semangat bilih reca dewi Artemis sampun dipun ina dening Paulus.
Tiyang-tiyang sansaya pitados bilih menapa ingkang dipun entha dening manungsa menika sanes dewa ingkang saestu, temah reca Arthemis boten dipun urmati malih. Kanthi mekaten barang-barang daganganipun tiyang menika boten pajeng malih. Wonten ing pepanggihan menika Demitrianus nutupi menapa ingkang saestunipun. Kados-kados piyambakipun ajrih bilih dewi Artemis boten dipun urmati malih. Nanging ingkang dados punjeripun malah kecalan bathi saking daganganipun.
Mireng tuturipun Demitrianus kalawau tukang kemasan ing Efesus sedaya sami nepsu sanget. Lajeng sami mlajeng lan sami nguwuh-uwuh: “Agung Sang Artemis sesembahane wong Efesus!” Lajeng kawontenan ing kitha menika dados kisruh, malah ngglandhang Gayus lan Aristarkhus dhateng gedhong totonan. Nanging sasampunipun wonten katrangan saking Aleksander lan panitraning kitha lajeng sami bibar.
Pamitenah dados kisruhing kawontenan, pramila sampun ngantos kita katedha ing pamitenah lan sampun ngantos mitenah ing ngasanes awit kedadosipun mesthi boten sae kangge sinten kemawon. [Bpur]
“Tutur sae ndadosaken kawontenan sae, pitenah ndadosaken dredah.”