Waosan : Purwaning Dumadi (Kej.) 7:11-8:5 | Pamuji: KPK 62:1
Nats: “…wiwit saka manungsa tekan kewan rumangkang nlosor gumremet sarta manuk ing awang-awang, padha tumpes sirna saka ing bumi, mung rama Nuh piyambak kang isih sugeng lan kabeh kang katut ing prau.” (ayat 23 b).
Saking waosan kalawau wonten pitakenan, kenging menapa Gusti Allah duka yayah sinipi, ngantos numpes manungsa lan sato kewan? Punapa Allah punika saestu kejem? Pitaken punika saged kawangsulan wonten ing Purwaning Dumadi 6: 5 ingkang mekaten “Bareng Sang Yehuwah mirsa yen gedhe durakane para manungsa ana ing bumi, lan sakobah-osiking atine sajege mung ala bae…” Dosanipun manungsa dipun gambaraken sampun sundhul langit lan mboten saged kaapunten malih, mila Gusti Allah paring paukuman.
Lajeng punapa istimewanipun rama Nuh dipun bandhingaken kaliyan tiyang-tiyang sanesipun, ngantos Allah miji brayatipun? Ingkang mbentenaken inggih punika rama Nuh tiyang ingkang mursid, tanpa cacad salampah tindakipun wonten ing ngarsanipun Allah (PD 6:9), saha tinemu resik (PD 7:1). Kita saged mbayangaken kados pundi rama Nuh sabrayat ngadhepi tekanan, wewada, pangina awit mboten ndherek patrap gesang mblasar ingkang sampun limrah dipun lampahi dening tiyang-tiyang ing jamanipun. Tamtu dipun singkiri, dipun gethingi. Nanging kenging menapa rama Nuh tetep kiyat ngadhepi ujian punika? Iman lan kamursidanipun dhateng Allah ingkang ndadosaken kiyat. Kamursidan punika ingkang ndadosaken Allah paring sih palimirma (PD 6:8).
Dados tiyang mursid ing jaman samangke mboten gampil. Leres dhawuhipun leluhur kita “jaman iki jaman edan yen ora edan ora kumanan.” Menawi iman kita mboten kiyat kita ugi badhe katut, keli utawi kentir ing kawontenan ingkang mekaten. Tiyang ingkang ngubyuki tumindak awon rencangipun kathah. Nanging ingkang mboten purun ngubyuki badhe dipun singkiri. Mila sumangga kita tetep jejeg nggondheli kaleresan senaosa kedah nanggel resiko mboten dipun remeni awit punapa ingkang kita lampahi badhe anjog dhateng kasaenan. Sumangga kita mbangun iman kita, lan brayat kita supados saestu kiyat. Leluhur kita nglajengaken pituturipun “beja bejaning wong sing lali isih beja sing eling lan waspada.” Mila eling lan waspada ing sadhengah prekawis saestu penting supados kita uwal saking wewelak lan bebendu. (Antok)
“Margining kayekten pancen rumpil, ananging tumuju katentreman.”