Dados Kenangan

Waosan : Para Rasul 1 : 15 – 20  |  Pamuji : KPK 141 : 3
Nats: “Yudas kuwi panunggalan kita, sebab Yudas mau wis kepilih déning Gusti Yésus, supaya mèlu nindakaké pegawéan sing kita ayahi.” [ayat 17]

Tamtunipun kita nate mireng paribasan: Gajah mati nilaraken gading, macan mati nilaraken belang, manungsa pejah nilaraken nami. Paribasan punika ngemu pangertosan bilih tiyang ingkang tindak-tandukipun sae sasampunipun pejah nilaraken nami ingkang sae lan arum. Ananging tiyang ingkang tindak- tandukipun awon, nilaraken nami ingkang awon.  Punika pancen leres, sedaya tiyang badhe nampi perkawis punika. Tiyang ingkang pejah, pancen mboten ngraosaken perkawis punika, nanging brayat, sedherek lan rencangipun ingkang ngraosaken.

Para rasul lan pandherekipun Gusti Yesus sami enget salah satunggaling sakabatipun Gusti Yesus, inggih punika Yudas Iskariot. Kados ingkang dipun aturaken Petrus: “He, para Sadulur, pangandika ing Kitab Suci, kang kalairake dening Roh Suci lantaran Daud, iku kudu kayektenan, yaiku bab Yudas, kang dadi pangiride wong-wong kang nyekel Yesus. Maune wong iku klebu golongan kita sarta melu nindakake ayahan leladi iki. Yudas iku wis tuku palemahan sarana upahing pialane, banjur tiba krungkeb, wetenge bedhah, nganti jeroane mbrodhol kabeh.” Pandamel lan tindak-tanduk ingkang dipun lampahi Yudas, sasampunipun pejah ndadosaken “kenangan”, nanging “kenangan” ingkang awon lan nilaraken nami ingkang awon ugi ing patunggilan.

Sasampunipun Gusti nimbali kita dhateng panganyunanipun ingkang langgeng, perkawis ingkang nate kita lampahi ugi dados kenangan kangge para sedherek sapatunggilan. Kenangan ingkang kados pundi ingkang badhe kita suwun? Nami ingkang kados pundi ingkang badhe kita tilaraken? Tamtunipun kenangan lan nami ingkang sae lan arum. Mila saking punika sadangunipun nglampahi gesang, kita kedah ngatos-atos ing tindak-tanduk lan pandamel, supados menawi sampun katimbalan dening Gusti, kita saged nilaraken nami ingkang sae lan arum ing gesang patunggilan. Sumangga sami mujudaken tindak-tanduk ingkang sae, supados mangke kita dados kenangan lan nilaraken nami ingkang sae lan arum. [SWT]

“Manungsa pejah nilaraken nami.”

 

Bagikan Entri Ini: