Waosan : Galati 4 : 1 – 7 | Pamuji : KPK 95
Nats: “Dadine kowe kabeh iku wus dudu batur tukon maneh, nanging putra; lan yen kowe kabeh iku putra, kowe iku uga padha dadi ahli waris marga saka Gusti Allah” [ayat 7]
Menawi wonten pitakenan, ”Pilih dadi anak apa batur?”, kula kinten kathah ingkang milih dados anak. Saben tiyang boten saged milih brayat pundi piyambakipun dipun lairaken lan dipun rimati. Wonten ingkang lair ing brayat ingkang sugih, sedaya ingkang dipun betahaken tansah kacekapan. Nanging wonten ingkang lair ing brayat ingkang prasaja. Boten sedaya ingkang dipun betahaken saged kacekapan. Nadyan mekaten kita tetep kedah saos sokur dhateng Gusti, karana ing kahanan kados punapa kemawon, tiyang sepuh tansah tresna dhateng anak-anakipun, karsa ngurbanaken jiwa raga kangge anakipun. Katresnan lan pengorbananipun tiyang sepuh dhateng anakipun nggambaraken Gusti Allah anggenipun tresna dhateng kita.
Benten kaliyan batur. Tiyang ingkang dados batur nampi opah anggenipun nyambut damel. Menawi pendamelanipun sae bayaranipun inggih kathah, nanging menawi boten sae saged ugi di-PHK. Piyambakipun boten nggadhah hak kados anak ingkang badhe nampi warisan saking tiyang sepuhipun.
Rasul Paulus ngengetaken menawi para tiyang pitados punika kasebut putraning Allah. Karana punika sesambetan kita kaliyan Gusti Allah kados Bapak lan anak. Ing pandonga, kita matur dhateng Gusti Allah kanthi sebutan Rama. Rasul Paulus nyebataken bilih kita sanes batur tukon. Ing Gusti Yesus kita dados putraning Allah. Lumantar pangurbanan ing Golgota, kita pinaringan kawilujengan lan gesang langgeng. Karana punika tumindak kita tumindak ingkang padhang. Kita boten nglampahi tumindak duraka, tumindak kadonyan, lan tumindak ingkang namung nguja hawa nepsu. Ing Gusti Yesus kita sampun katebus lan katunggilaken kaliyan Allah. Prajanji bilih kita dados putraning Allah saestu nyata kangge kita ingkang tresna lan setya dhateng Gusti.
Swawi kita sami nggatosaken lampahing gesang kita, kados anak punapa kados batur? Gesang ing pepadhang punapa ing pepeteng? Mangga kita dados putraning Allah ingkang tansah mbangun turut dhateng Rama lan tansah ngluhuraken kamulyanipun Allah selamining gesang kita. [AR]
“Dadya putraning Allah, urip miturut karsaning Sang Rama.”