Waosan: Yudas 1 : 17 – 25 | Pamuji : KPK 167 : 1 – 3
Nats: “Wong iku kang padha njalari cecongkrahan, kang mung dikuwasani dening pepinginan-pepinginan ing donya iki, lan uripe ora kadunungan Roh Suci.” [ayat 19]
Nalika mireng satunggaling pasamuwan (sanes GKJW) ingkang para paraganipun saweg cecongkrahan, manah kula kraos sedhih. Mbokmenawi panjenengan ugi badhe ndherek sedhih. Nalika dipun tlesik -pasamuwan kalawau- anggenipun congkrah awit karana masalah artaning pasamuwan ingkang “dipun kuwasani” dening satunggaling pengurus, keleresan piyambakipun punika ugi madeg dados Pandhita.
Prekawis punika leres napa boten, mbokmenawi kita ugi boten sepinten cetha, nanging dhawuhipun prekawis punika sampun mlebet ranah hukum. Tamtunipun kita boten badhe ndherek cawe-cawe ing bab punika. Nanging menawi kasus punika saestu kadadosan, saiba sedhihipun manahipun Gusti Yesus minangka Sesirahing Pasamuwan.
Waosan kita nedahaken bilih cecongkrahan ugi saged kalampahan ing satengahing pasamuwanipun Gusti. Nalika wonten tiyang ingkang nguja hawa nepsu lan pepinginan-pepinginan kadonyan, napa malih menawi gesangipun mboten kadunungan Roh Suci, pasamuwan badhe crah, bubrah. Sanajan ing mangsa serat Yudas punika kaserat, kahananning pasamuwanipun Gusti langkung ewet, waosan punika ugi ngemutaken kita ing jaman samangke supados waspada.
Waspada supados kita boten dipun kuwasani dening pepinginan bab kadonyan, ngumbar hawa nepsu, lan dados tiyang fasik (tiyang ingkang pitados dhateng Gusti, nanging boten purun nglampahi dhawuh pangandikanipun Gusti Allah). Kedahipun kita dados tiyang ingkang gesang ing panuntuning Roh Suci, supados sampun ngantos kita dados jalaran crahing Pasamuwanipun Gusti.
Pasamuwan ingkang kaparingan rejeki kathah saking Gusti saged ngremenaken manah, nanging yen tanpa dhedhasar panuntuning Sang Roh Suci, mila saged dhawah ing pacoben. Saged dados chetil, malahan ugi saged dipun kuwasani prekawis-prekawis kadonyan. [DK]
“PanuntunNya wus mesthi prayogi.”