Waosan : Para Rasul 13 : 16 – 25 | Pamuji : KPK 53
Nats: “Nalika ngajengaken rawuhipun, Nabi Yokanan sampun ngatag-atag dhateng bangsa Israel sadaya, supados sami mratobat saha kabaptis.” [ayat 24]
Presiden Joko Widodo sampun nindakaken reshuffle! Salah satunggal bab ingkang ndadosaken bingah, inggih punika bu Sri Mulyani ingkang purun nilar kalenggahanipun ing Bank Dunia lajeng nampi tanggel jawab enggal, apilenggah minangka Menteri Keuangan. Boten dangu saking reshuffle punika, lajeng wonten kebijakan Amnesti Pajak. Kebijakan punika medal awit kahanan perekonomian lan geopolitik ingkang boten stabil (ajeg). Indonesia kedah mranata kahanan internalipun supados boten gonjing. Pancen Presiden Jokowi saestu netepi lan ngantebi pangangkahipun srana mranata kahanan internal supados stabilitas internal (perangan lebet) sageda kagayuh.
Pancen saestu penting mranata kahanan internal, awit kahanan internal punika dados babagan ingkang nemtokaken kualitas. Punapa ingkang dipun atag dening Nabi Yokanan supados bangsa Israel mratobat saha kabaptis punika, ugi salah satunggaling cara kangge mranata manah, babagan internalipun manungsa. Kenging punapa? Awit manungsa dosa badhe karawuhan Sang Mesih, Sang Juruwilujeng, inggih punika Gusti Allah piyambak ingkang badhe tumedhak ing alam donya lan manjalma dados manungsa wonten ing sarira Gusti Yesus. Wah, punika saestu mbingahaken! Gusti Allah ingkang kagungan samukawis ing swarga lan ing donya, kersa gesang ing alam donya mawi wujud manungsa. Punika mujudaken solidaritasipun Gusti Allah tumrap manungsa dosa. Mila, perkawis ageng ingkang badhe kelampahan punika kedah dipuncawisaken saestu. Nabi Yokanan boten kendhat anggenipun ngatag para umat supados mratobat lan kabaptis.
Mratobat punika bab mantebing batin. Manteb anggenipun nglenggana kalepatan saha kekilapanipun. Rawuhipun Gusti ing donya punika sanes murugi tiyang ingkang leres, ananging murugi tiyang ingkang dosa. Tiyang dosa dados prioritasipun Gusti lan pikantuk sih palimirmanipun Allah. Mangga sami ngaken lan blaka ing ngarsanipun Gusti. Kirang punapa malih, Gusti sampun kersa murugi kita minangka tiyang dosa. Lha mangga samangke kita nyelak! Ayo nyelak, ora nyélak! [dix]
Jujur ora ajur, ning dadi luhur.