Waosan: Mazmur 26 : 1-8 | Pamuji: KPK 193
Nats: “Sebab mripat kawula nenga dhateng sih lan kasetyan Paduka, awit lampah kawula miturut ing kayektosan Paduka.” (ay. 3)
“Bapak, ibu, saudara, mari kita buka Alkitab atau Alki-teb kita masing-masing” Ing jaman modern samangke, Alkitab boten namung wujud buku, nanging ugi saged wujud HP (hand phone), tablet, laptop, lsp. Kathah tiyang menawi kepengin maos Kitab Suci boten kedah mbekta buku (Alkitab) ing pundi-pundi papan lan panggenan. Kangge sawatawis tiyang punika boten dados prekawis, nanging sawatawis sanesipun mbokbilih celathu: “ah kurang praktis, ora isa dilebokne ke-sak”. Panutur punika nggih sah-sah kemawon, sampun dados dredah menawi kita ngrembag wujudipun Alkitab ing jaman samangke.
Boten dados prekawis menawi wujudipun Kitab Suci samangke werni-werni. Ingkang baku, Kitab Suci kedah tetep gumelar ing batos kita, awit ingkang dados kaendahan-ipun Kitab Suci punika sanes wujudipun kitab napa ki-teb, nanging dhawuhipun ingkang adi-piguna kangge cecala gesanging manungsa. Pancen tetep langkung prayogi menawi ing salebeting pangabekti kita tetep bekta buku Kitab Suci. Awit kasebut kitab punika karana wujudipun buku, nanging Kitab Suci punika ingkang paling baku inggih kandhutan Sabda-nipun.
Paseksinipun Dawud dinten punika nedahaken bilih piyambakipun yakin nggadhahi kayekten. Nggadhahi kayekten nadyan ta boten wonten ingkang ngawasi. Dawud malah nyenyuwun supados Gusti kersaa nitipriksa batos lan manahipun. Tuturipun Dawud boten nedahaken piyambakipun gumunggung krana sampun nglampahi kayekten. Nanging Dawud kepengin nedahaken komitmen ing sajroning batosipun kanthi eklas, setya tuhu, krana Dawud kepengin gesangipun punika ingkang nguji namung Gusti, sanes manungsa. Kenging punapa? Awit menawi ingkang nguji manahipun tuwin tumindakipun punika Gusti, saestu Dawud ngraosaken ayem ing jroning manah.
Mesthinipun, Kitab Suci ingkang sampun maujud ing barang-barang elektronik-digital, ugi saged kabekta ing laku gesang kita sadinten-dinten. Alkitab kaserat ing manah, awit tiyang Kristen punika kasebat minangka seratanipun Sang Kristus ingkang tinarbuka, dados paseksi endah sumrambah dhateng sesami. Sumangga nguji diri, sanes dhedhasar panuturipun tiyang, nanging nguji dhiri dhedasar sabdanipun Gusti, srana enget dhawuhipun Gusti. (pong)
“Sabdane Gusti aja mung tinulis ing kertas, nanging uga ing jroning ati.”