Ajen-Ingajenan

8 September 2016

Waosan : Filipi 2 : 25 – 30 | Pamuji : KPK 96
Nats: “Wong sing kaya Épafroditus kuwi padha ajènana. Merga nglabuhi pakaryané Sang Kristus, nganti mèh mati. Lan ngetohaké nyawané kanggo mitulungi aku, minangka wakilmu.” [ayat 29b-30]

Wonten tiyang ingkang ngajeng-ajeng dipun ajeni dening tiyang kathah, sanadyan tumindakipun boten aji. Ingkang aji namung status, pangkat, drajad lan kalenggahanipun. Amargi tumindakipun ingkang boten aji, piyambakipun malah boten kajen, sanadyan status, pangkat, drajat lan kalenggahanipun aji. Kosokwangsulipun, wonten tiyang ingkang boten nate nggadhahi pangajeng-ajeng dipun ajeni dening tiyang sanes, nanging malah kajen ing akathah karana tumindakipun ingkang aji, sanadyan status, pangkat, drajad lan kalenggahanipun “boten aji”.

Epafroditus sanes tiyang ingkang nggadhahi pangajeng-ajeng dipun ajeni dening tiyang sanes awit saking pakaryan ingkang dipun tindakaken. Ewasamanten, piyambakipun dipun ajeni sanget dening Rasul Paulus. Kadhawuhaken bilih piyambakipun nglabuhi pakaryanipun Sang Kristus, malah ngantos ngetohaken nyawanipun, meh seda. Nglabuhi menika tegesipun nindakaken lan nyengkuyung tumindaking pakaryanipun Sang Kristus. Piyambakipun mbudidaya supados pakaryanipun Gusti Yesus ingkang katindakaken dening Paulus sageda kaleksanan. Pambudidayanipun menika katindakaken ngantos piyambakipun ngalami sakit sanget.

Tamtu kathah tiyang ingkang nglabuhi pakaryanipun Gusti Yesus ing gesanging greja pasamuwanipun Gusti. Wonten Pendhita, Guru Injil, Pinisepuh, Diaken, Koster, Pengurus Kelompok, Komisi, Panitia lan ugi warga tanpa jabatan ingkang nindakaken lan nyengkuyung pakaryanipun Gusti. Pancen wonten ingkang nglabuhi pakaryanipun Gusti menika namung “yen kober”, “yen bisa” lan yen yen sanesipun. Tegesipun tanpa pambudidaya (perjuangan) ingkang sengkut. Ewasamanten, sedaya kedah dipun ajeni, langkung-langkung ingkang kanthi tumemen lan pambudidaya sengkut nglabuhi pakaryanipun Gusti. Kanthi mekaten, ing greja pasamuwan kita wonten patrap ajen-ingajenan, sengkuyung-sinengkuyung, temah pakaryanipun Gusti saya nyata. [st]

“Nglabuhi pakaryanipun Gusti = nindakaken pakaryan mulya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak