Bacaan : Yesaya 22 : 1 – 8 | Pamuji : KPK 72 : 1 – 3
Nats: “Ing wektu iku kowe ngawasake marang praboting perang ing “Gedhong Alas” [ayat 8b]
Kawontenan ingkang aman, ayem lan tentrem pancen saestu mbingahaken. Menawi dipun raosaken, mesthinipun saben tiyang ugi kepingin sanget ngraosaken gesang ingkang kados mekaten. Gesang kanthi mardika, boten wonten tiyang sanes ingkang ndherek cawe-cawe, sedayanipun sarwi bebas. Ananging swasana ingkang aman, ayem lan tentrem, malahan saged ugi murugaken sirnaning kawaspadan, temahan tiyang tumindak sembrana.
Bangsa Yehuda ugi ngalami perkawis ingkang sami. Kauwalaken dening Gusti Allah saking Prabu Sanherib, Raja nagari Asyur, ing mangsa pamarintahaning Prabu Hizkia (bdk. 2 Para Raja 19). Nanging kawontenan punika malah ndadosaken Prabu Hizkia tumindak sembrana. Kala semanten Prabu Hizkia, kanthi bingahing manah, malah nedahaken sedaya isining gedhong pasimpenan kraton Yehuda dhateng utusan Raja Babel, Prabu Merodakh-Baladan bin Baladan (bdk. 2 Para Raja 20:12-21). Tumindakipun Prabu Hizkia punika lepat. Mila ing mangsa pamarintahaning Prabu Zedekia, kraton Yehuda dipun telukaken, sasampunipun kinepung sewelas taun laminipun (bdk. 2 Para Raja 25:2 lan Yes 22:2). Prabu Zedekia ingkang mlajeng, kacepeng ing Yerikho (bdk. 2 Para Raja 25:5 lan Yes 22:3).
Raos aman wiwit jaman Prabu Hizkia, lajeng ngalami ewah-ewahan ing mangsa pamarintahaning para raja salajengipun, kadosta: Prabu Manasye, Amon, Yoahas, Yoyakim, Yoyakhin lan Zedekia piyambak, ingkang tansah tumindak piawon ing ngarsanipun Gusti Allah. Bangsa Yehuda tumindak sembrana. Perkawis punika boten ngremenaken Gusti Allah, mila Yerusalem ingkang kasebat “Lebaking Wahyu”, sanalika teluk dhateng bangsa Babel. Namung saged nyawang dhateng “Gedhong Alas”, kraton yeyasanipun Prabu Salomo, panggenan kangge nyimpen praboting perang. Nggadhahi kekiyatan nanging boten gadhah daya kangge nglawan.
Kita ugi asring tumindak sembrana, lena krana kahanan ingkang ketingal aman. Kawaspadan ical. Mila kathah tiyang Kristen ingkang dhawah ing panggodha nalika gesang kanthi mardika, malah gesang kapitadosanipun dados tawa. Mila sumangga tansah waspada, sampun ngantos lena lan sembrana! [DK]
“Rahayu wong kang tansah waspada.”