Aja Nyenyamah Allah!

20 August 2016

Waosan : 1  Samuel 6 : 1 – 16  |  Pamuji : KPK 129 : 3, 4
Nats: “Dadi, kowé kudu padha gawé tetironé plenthungan, mengkono uga tikus sing ngrusak negaramu. Kanthi mengkono kowé padha ngurmati Allahé Israèl. Mbokmenawa Allahé Israèl bakal ora ngukum kowé, para déwa lan tanahmu menèh.” [ayat 5]

Wonten para pemuda sarencang cacah gangsal ingkang badhe kesah ndhatengi satunggaling pesta. Pemuda gangsal menika nitih mobil sedan. Ingkang nyopir lajeng pamit dhateng ibunipun. Kang ibu dhawuh “Iya, Nak. Muga Gusti nunggila karo kowe kabeh.” Nanging putranipun menika matur “Wah, mobilipun sampun kebak niku, Bu. Nggih mpun, boten menapa-menapa yen Gusti purun lenggah ing bagasi (papan kangge nyimpen barang ing buritaning mobil).” Sareng lumampah, ing tengahing margi rombongan gangsal pemuda menika ngalami kacilakan ngantos mobilipun ajur mumur lan sedaya pemuda menika tiwas sanalika. Nanging eloking kawontenan, perangan bagasi mobilipun wetah lan tigan sawadhah ingkang wonten ing ngriku ugi wetah, boten wonten ingkang pecah babar pisan.

Cariyos ing inggil menika nedahaken bilih “Gusti Allah kuwi ora kanggo dolanan”. Kathah tiyang ingkang nyepelekaken Gusti Allah. Gusti Allah dipun “sade” lan dipun singkur kangge pikantuk kalenggahan ingkang inggil ing pamarentahan, ing partai politik utawi organisasi kemasyarakatan, utawi kangge pikantuk jodho. Sareng sampun pilenggah ing kalenggahan inggil, nemahi masalah ingkang boten saged dipun atasi.

Lah mekaten ugi bangsa Israel lan bangsa Filistin ingkang nyenyamah dhateng Gusti Allah. Bangsa Israel ngalami kawon ageng ing paprangan lumawan bangsa Filistin. Dene bangsa Filistin, ingkang nyenyamah Pethi Prejanjian minangka pralambang keberadaaan Gusti Allah, nampi pagebluk arupi sakit plenthungan lan kaserang tikus.

Awit saking menika, sampun ngantos kita lan anak-putu kita nyenyamah dhateng Gusti Allah. Nadyan kadosipun Gusti Allah menika boten wonten, utawi boten mirsani lan boten mireng, nanging sanyatanipun Gusti Allah menika wonten, gesang lan boten sare. [st]

“Gusti Allah iku ora kena kanggo dolanan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak