Waosan : Ayub 39 : 26 – 40 : 5 | Pamuji : KPK 23
Nats: “…Kang nacad marang Gusti Allah iku supaya mangsulana!” [ayat 35b]

Mbokmenawi kita asring mrangguli kawontenan, wonten salah satunggaling brayat ingkang ketingalipun rukun nanging sejatosipun brayat kalawau boten rukun. Utawi tiyang ingkang patrapipun ketingal sae lan sopan nanging nyatanipun boten kados mekaten, ngendikan: ”Katakan tidak pada korupsi!” nanging malah tumindak korupsi, lan taksih kathah conto sanesipun.

Ayub punika dipun wastani tiyang ingkang saleh lan jujur, nanging punapa leres kados mekaten? Menawi kita maos Kitab Ayub punika ngantos tamat, ing manah kita badhe tuwuh pitakenan: “Nanging kenging punapa para sekabatipun Ayub kados Zofar, Bildad lan Elifas punika tansah ngemutaken lan paring pitutur dhateng Ayub bab kefasikan/ kadurakan?” Tamtu prekawis punika nuwuhaken raos gumun ing manah kita.

Ayub punika sejatosipun saestu mursid (saleh) lan jujur. Nanging kasangsaran ingkang awrat sanget dipun sandhang dening Ayub sabrayatipun. Nyawang kasangsaran ageng punika, lajeng para sekabatipun ndkawa bilih Ayub sampun tumindak lamis (munafik). Miturut pamawasing para sekabatipun kamursidan lan kajujuranipun Ayub punika lamis, namung tata lair, ketingalipun kemawon, nanging sejatosipun boten mursid lan boten jujur. Awit saking lelamisanipun, Ayub nandhang kasangsaran. Lan awit saking panandhangipun ingkang awrat, Ayub kadakwa saya lamis, malah wantun mbalela dhumateng Gusti Allah.

Sampun ngantos kita awatak lan tumindak lamis kados pandakwanipun Zofar, Bildad lan Elifas dhateng Ayub. Sumangga kita sami niti priksa gesang kita lan brayat kita piyambak-piyambak! Punapa kasaenan ingkang kita tindakaken punika saestu sampun leres napa taksih lelamisan. Pangucap lan tumindak kita ingkang sae kedah lair trusing batos, boten namung supados ketingal sae ing ngajenganipun tiyang sanes. Yen tumindak kita taksih lelamisan, mila kita kedah ngatos-atos, sampun ngantos kita dhawah ing pacoben ingkang asalipun saking tumindak kita piyambak, napa malih yen kita ngantos nutuh napa malih nacad Gusti Allah. Amin. [DK]

“Aja lamis!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak