Aja-Aja Ditampik!

Waosan : Rum 9 : 30 – 10 : 4  |  Pamuji : KPK 194 : 1, 2
Nats: “Nanging: Bangsa Israel senajan ngupaya angger-angger kang bakal nekakake kabeneran, ora nganti nyandhak marang angger-angger mau.” [ayat  31]

Bangsa Isael inggih bangsa ingkang binerkahan, begja lan mujur. Kenging punapa kok mekaten? Cobi pundi wonten bangsa ingkang kairid piyambak dening Gusti Allah, Gusti ingkang paring samudayanipun. Pundi wonten mengsah ingkang saged kiyat ngadhepi bangsa punika? Pundi wonten ewon tiyang ingkang gesang tanpa kirang tedhan lan omben? Kanthi nindakaken angger-anggeripun Gusti, bangsa Israel saya celak kaliyan Gusti. Nanging kanthi nindakaken angger-angger ugi bangsa Israel saya tebih saking Gusti.

Angger-anggeripun Gusti Allah dados sandhungan tumrap bangsa Israel karana lajeng dhawah lan boten pikantuk kabeneran. Sedaya kalampahan karana angger-angger kala wau dipun tindakaken namung dados kewajiban. Ukuranipun saged nindakaken punapa boten: sinten ingkang saged nindakaken langkung kathah. Mila nindakaken angger-anggeripun Gusti namung dados ajang pamer kesalehan kemawon, sanes dados wujud sokur saking manah, awit Gusti sampun makarya kaendahan ing gesangipun.

Punika ingkang dados pandonganipun Rasul Paulus kagem Pasamuwan ing kitha Rum, ingkang rikala semanten wonten ing tekanan gesang saking pamarentah Rum sarta saking para tiyang Yahudi ingkang rumaos dados umat pilihan Allah. Ananging Rasul Paulus maringi pikekah bilih ingkang ndadosaken kaleresan punika sanes tumindakipun, ananging iman ingkang kukuh lan katresnanipun Gusti ingkang kaparingaken dhateng sedaya bangsa.

Sinau saking lampah gesangipun tiyang Yahudi, asring kita rumaos sampun nindakaken sedaya karsanipun Gusti. Sampun rumaos boten nerak angger-anggeripun Gusti, sedaya peladosan dipun tindakaken, ananging kaliyan Gusti boten dipun etang minangka wujud iman lan katresnan kita. Wah gawat…! Sumangga kita nggatosaken sedaya lampahing gesang lan peladosan kita! Sampun ngantos lelados lan nindakaken karsanipun Gusti, namung katindakaken minangka kewajiban, tugas kemawon! Karana punika namung badhe nglaha, awit ugi boten mbekta ayem tentrem ing gesang kita, malah dados sandungan kangge ngukur liyan. [PKS]

“Tindakna angger-anggering Gusti kalawan ati kang tulus lan murni!”

 

Bagikan Entri Ini: