Waosan : Pangentasan 23 : 1 – 9 | Pamuji : KPK 105 : 1, 2
Nats: “Iya aja ngiloni prakarane wong miskin.” [ayat 3]
Sinten ingkang taksih emut kaliyan Mbah Minah, warga Banyumas ingkang kadakwa mendhet kakao/ woh coklat kagunganipun salah satunggaling perusahaan perkebunan. Wekdal piyambakipun panen dhele ing tanah garapanipun, piyambakipun kagodha mendhet telung glintir kakao punika, ananging konangan dening mandor. Piyambakipun sampun nyuwun sepura, ananging boten dangu wonten panggilan saking polisi ingkang lajeng ndadosaken tiyang kalawau dados terdakwa lan dipun adili. Pungkasanipun Mbah Minah dipun ganjar ukuman kurungan 1 wulan 15 dinten kanthi masa percobaan 3 wulan. Artosipun Mbah Minah boten kedah mlebet dhateng pakunjaran. Vonis punika dipun gedhok dening hakim kanthi mbrebes mili karana raos trenyuhipun njejegaken kaadilan lan katresnan.
Wiwit Prajanjian Lami, Gusti Allah sampun nata lampah gesang ingkang kedah katindakaken dening umat sesarengan kaliyan sesaminipun. Gusti nata boten namung kewajiban-kewajiban ingkang kedah katindakaken dening umatipun, nanging ugi jaminan hak gesang, nampi berkah lan pangayoman. Waosan kita dinten punika dados conto-conto nyata kados pundi nresnani sesami, kados pundi kedah nyingkiri tindak korupsi, kados pundi nresnani mengsah, lsp.
“Aja ngiloni prakarane wong miskin”…? Tiyang miskin punapa boten malah kedah dipun bela? Punapa kok boten pareng berpihak dhateng tiyang miskin? Saking ayat punika kita kaajak supados boten mbenten-mbentenaken tiyang wekdal njejegaken kabenaran. “Sing salah ya salah, sih bener ya bener.” Boten pandhang tiyang sugih, tiyang miskin, tiyang cedhak, tiyang adoh, dulur, kanca, kaleresan kedah dipun jejegaken.
Kangge nemtokaken prakara, pancen kita kedah taliti. Awit asring wong cilik punika dados kurban. Sampun ngantos mripat batin kita punika lajeng bujel, malah kedah tambah dipun asah, supados kita saged nemtokaken prakawis kanthi wicaksana. Mbah Minah saged sinau saking lelampahan punika bilih nyolong/ njupuk punika melanggar hukum, ing wekdal ingkang sami ugi ngraosaken berkah katresnan saking sesaminipun. [PKS]
“Kaleresan lan kaadilan kedah kajejegaken kanthi dhasar katresnan.”