Saiyeg Saeka Praya Pancaran Air Hidup 3 Oktober 2026

3 October 2026

Waosan: Jabur 80 : 7 – 15  |  Pamuji: KPJ. 362
Nats: “Paduka mugi karsaa nggatosaken wit anggur punika, …” (Ayat 15)

Saben tiyang gesang tamtu nate ngalami kahanan gesang ingkang awrat lan awon. Gesang ingkang raosipun sangsara. Ing kahanan punika, kita kedah enget bilih kahanan punika saged dipun alami dening tiyang sanes. Pitakenanipun, ing kahanan gesang kita ingkang awrat lan sangsara punika, punapa tuwuh raos welas asih, peduli, migatosaken dhateng sesami kita punika? Lan salajengipun sami budidaya sesarengan supados kahanan awrat lan sangsara punika saged enggal ical.

Bangsa Israel minangka bangsa ingkang kapiji dening Gusti Allah, ngalami kathah prekawis ingkang kalampahan ing gesangipun. Sampun mboten kantenan anggenipun Gusti Allah makarya dhateng bangsa Israel, ngrembaka adi lan endah (Ay. 10-11), nanging kasunyatanipun bangsa Israel ngraosaken kahanan ingkang ewah, ingkang sejatosipun amargi patrapipun piyambak. Kahananipun bangsa Israel kados kawontenan wit anggur (Ay. 9) ingkang dipun angge rebatan (Ay. 7), dipun pethiki (Ay. 13), mboten dipun jagi (Ay. 13), lan sanesipun. Bangsa Israel nandhang kasisahan lan kasangsaran. Salajengipun bangsa Israel nyuwun tulung dhumateng Gusti Allah ingkang kalandhesan kapitadosan bilih Gusti Allah karsa paring pangluwaran kados dene wekdal luwar saking Mesir. Bangsa Israel ugi nyuwun supados bangsa sanes dipun tundhung, supados wonten panggenan ingkang sae kangge bangsa Israel (Ay. 9). Ing ngriki, kadosipun Gusti Allah mboten tresna dhateng bangsa sanesipun. Nanging wonten pamawas sanesipun, kahanan punika kados pangilon bab kahanan bangsa sanes ingkang ugi saged nandhang kasisahan lan kasangsaran. Kados pundi raosipun manah bangsa Israel? Punapa tuwuh rasa solidaritas?

Ukara ingkang dados irah-irahanipun dinten punika: Saiyeg saeka praya, ngatag dhateng kita supados tansah nunggil ing patrap gotong royong lan suka mbiyantu dhateng sesami, kangge ngudi panjangka ing gesang. Punika negesaken bilih wonten kahanan ingkang kedah kita upadi sesarengan. Wulan ekumene punika ngajak kita kangge nyumerepi bab panandhang sesami ing sak kiwa tengen kita. Bilih wonten kasisahan lan kasangsaran ingkang satengah-tengahing gesang kita lan sesami ing antawis kita, mangga kita sami saiyeg saeka praya manunggil, sami ngupaya pados margi kangge lestarining gesang kita lan sesami ing sakiwa tengen kita. Amin. [WdK].

“… kasagedna kula ngraosaken panandhang sesami…”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak