Dhawuhipun Gusti Nuntun Dhateng Pamratobat Ekologis Pancaran Air Hidup 23 September 2026

23 September 2026

Waosan: Yesaya 41 : 1 – 13  |  Pamuji: KPJ. 21
Nats: “sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.” (Ayat 10)

Ing sawijining dinten, wonten pak tani ingkang sesambat, “Biyen tanduranku kuwi subur lan ijo royo-royo, nanging saiki padha dadi garing lan akeh sing rusak.” Kahanan punika nedahaken bab karisakaning lingkungan ingkang kedadosan ing antawis kita. Karisakaning lingkungan punika mboten karana Gusti Allah nyuda berkah-Ipun, nanging karana manungsa mboten setya ngreksa lan ngrimati taneman ingkang sampun dipun pasrahaken Gusti Allah dhateng manungsa. Krisis lingkungan punika dados pratandha nyata bilih manungsa punika asring kirang tanggel jawab tumrap titahipun Gusti.

Wonten kitab Yesaya 41:1–13, Gusti Allah dhawuh dhateng umat supados mendel lan mirengaken swanten-Ipun. Ing ngriku Gusti Allah paring panglipur ingkang ngiyataken, “Sampun ajrih, awit Aku nyarengi panjenengan.” Dhawuhipun Gusti Allah punika nimbali kita supados saged nggalih, eling, saha wangsul dhateng karsan-Ipun. Pamratobat ekologis punika kawiwitan nalika manungsa purun andhap asor, mboten gumunggung, lan purun mirengaken dhawuhipun Gusti Allah kanthi temen. Raos serakah saha kepinginan ingkang mboten kendhat punika ingkang asring ndadosaken manungsa tumindak sembrana lan ngrisak alam. Gusti Allah ngersakaken gesang para umat-Ipun punika gesang ing kapitadosan lan pangajeng-ajeng. Panjenenganipun prajanji tansah nganthi lan ngrimati umat-Nipun. Panjenenganipun karsa paring kakiyatan lan tuntunan supados para umat saged lampah ing margi kaleresan. Mila sadaya tumindak kita kedahipun dados wujud kesetyan lan pangabekti kita dhumateng Gusti Allah.

Sabdanipun Gusti Allah punika mboten namung nuntun kita kangge mratobat saking dosa sacara pribadi, nanging ugi nimbali kita supados mratobat saking tumindak dosa kita tumrap titah-Ipun Gusti. Pamratobat ekologis punika wujud iman ingkang gesang, nyata, lan kebak tanggel jawab. Mangga kita isi gesang kita kaliyan kesaksian gesang ingkang sae, bilih kita setya ngrimati lan njagi bumi dalah saisinipun. Minangka titahipun Gusti, mangga kita nglampahi gesang ingkang migunani kangge sesami lan sadaya titah, mujudaken kamulyanipun Gusti ing gesang kita sadinten-dinten. Amin. [AB].

“Dhawuhipun Gusti dados kakiyatan gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak