Waosan: Zakaria 2 : 6 – 13 | Pamuji: KPJ. 400
Nats: “He sakehe tumitah! Padha menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dene wus karsa tedhak saka ing padalemane kang suci. ” (Ayat 13)
Saben tiyang sepuh tamtu nggadhah pangajeng-ajeng gesang para putranipun kedah langkung sae tinimbang piyambakipun. Pramila saben dintenipun, para tiyang sepuh tansah nggulawentah lan nyekapi kabetahan para putranipun. Rinten dalu tansah ndedonga kangge putranipun, makarya kangge nyekapi kabetahan, lan nyekolahaken para putra punika. Bilih para putra punika manut, nindakaken prentah, lan ngajeni tiyang sepuh, tamtu gesangipun para putra saged katata lan sukses. Punika ugi dados kado ingkang mbingahaken tumrap para tiyang sepuh.
Gesangipun manungsa kapulihaken saking dosa lan nampi kawilujengan, punika bukti katresnanipun Gusti, kados dene tiyang sepuh ingkang nresnani putranipun. Wonten waosan kita punika, Gusti Allah ngutus Zakaria kangge paring semangat lan panglipur dhateng bangsa Yehuda ingkang sisah amargi dados “tiyang buwangan” ing tanah Babilonia, sasampunipun Padaleman Suci ambruk lan kecalan tanah prajanjian. Ing ngriki, Gusti Allah prajanji bilih Panjenenganipun badhe mulihaken bangsa Yehuda (Ay. 10). Bangsa Yehuda badhe dipun wangsulaken malih dhateng Yerusalem lan Padaleman Suci badhe kawangun malih. Lumantar Zakharia, Gusti Allah ngengetaken supados umat ingkang sampun dipun pulihaken mboten mbalela kados para leluhuripun. Bangsa Yehuda kedah dados umat ingkang setya lan wanuh dhumateng Gusti. Saking waosan punika kita mangertos bilih Gusti Allah mboten namung nresnani umat-Ipun nanging ugi tansah ngayomi umat-Ipun ing sadengah prekawis gesang.
Yen wonten lirik pepujian “Ayem neng Gusti Yesus”, sumangga mboten namung dipun kidungaken kemawon. Kita saged sinau saking gesangipun bangsa Yehuda ingkang dipun pulihaken dening Gusti lan kaparingan gesang enggal. Gesang kita ugi sampun dipun entasaken saking dosa lan nampi pamulihan saking Gusti. Kita sami ngraosaken berkah lan pakaryanipun Gusti. Mangga kita manut lan setya nindakaken pangandikanipun Gusti, kados dene anak ingkang ngabekti dhateng tiyang sepuhipun. Sampun ngantos gesang kita namung ngandelaken kakiyatan kita piyambak nanging mangga kita tetep fokus, sumende, lan manut dhumateng Gusti Allah kemawon. Amin. [Ry].
“Uripku tentrem rahayu amarga tansah manut pangandikanipun Gusti Allah.”