Allah Etuking Karahayon Pancaran Air Hidup 27 Juni 2026

27 June 2026

Waosan: Jabur 89 : 1 – 4, 15 – 18  |  Pamuji: KPJ. 175
Nats: “Sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka, saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka.” (Ayat 17)

Cariyos punika, kedadosan sawetawis taun 1994, nalika kula wonten ing Timor Timur. Ing sawijining dinten kula kaliyan rencang kula wangsul saking kutha Dili nitih sepeda motor. Ing Timor Timur wekdal semanten, awis-awis wonten kecelakaan kendaraan bermotor, ingkang asring punika kecelakaan motor kaliyan kewan ingon-ingon kados sapi lan babi. Sapi lan babi kalawau menawi siyang dipun umbar pados tedhan piyambak. Menawi sonten dipun lebetaken dhateng kandhang. Ing adatipun, saben wonten kecelakaan motor kaliyan babi, tiyang ingkang nabrak babi ngantos mati, dipun denda kanthi mbayar reginipun babi punika. Cekakipun cariyos, awit nemahi margi ingkang rata, sepeda motor kula gas radi banter. Dumadakan ing satengahing margi wonten babi ingkang saweg uber-uberan, saking sisih kiwa tumuju dhateng sisih tengenipun margi. Kaget! Mboten kenyana-nyana wonten babi ingkang nyebrang margi, sanalika rem sepeda motor kula idak kanthi sora, wusananipun kula dalasan rencang kula dhawah. Ing wekdal ingkang sesarengan, babi ingkang nyebrang kalawau ugi mandeg ing satengahing margi. Kanthi mekaten kecelakaan nabrak babi punika mboten ngantos kedadosan. Nemahi kedadosan ingkang kados mekaten, kula sakrencang, nyanyi kanthi seru:

Neng gunung wah neng ngare, Gusti Allah ana
Nyang ngendi paranku, mesthi ana uga
Endi kang dadi cipta lan osiking ati
Kabeh mesthi kapirsan ing Allah Hyang Widi

Prabu Dawud paring paseksi tumrap sih susetyaning Gusti Allah, ingkang makaping-kaping karaosaken ing pigesanganipun. Piyambakipun nengenaken anggenipun saos sokur dhumateng Gusti, kanthi asurak-surak sedinten puput awit saking kaadilan saha sih kadarmanipun Allah ingkang karaosaken. (Ay. 17).

Kita sadaya tamtunipun ugi kagungan pengalaman pribadi, kados pundi Gusti Yesus anggenipun ngrimati gesang kita, saha paring sih kamirahan dhateng kulawarga kita ngantos ing samangke. Kados dene Sang Pabu Dawud ingkang tansah saos sokur lan memuji-muji Gusti, sumangga kita tansah asurak-surak rina lan wengi tansah saos sukur sarta memuji-muji Gusti, awit saking pitulungan-Ipun salebeting gesang kita sadinten-dinten. Amin. [har].

“Yehuwah Allah iku ana!“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak