Waosan: Yokanan 14 : 1 – 14 | Pamuji: KPJ. 124
Nats: “Pangandikane Gusti Yesus, “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.” (Ayat 6)
Nalika kita badhe minggah dhateng margi pendhakian mawi jasa travel, tamtu wonten juru pandunipun (guide). Juru pandu punika badhe nedahaken margi pundi ingkang kedah kita lampahi lan paring katrangan babagan gunung punika. Kangge dados juru pandu ingkang sae, tamtu kedah sinau, apalan, lan mangertosi sadaya margi pendhakian. Semanten ugi wonten ing gesang, kita asring mlampah wonten ing margi ingkang mbebayani, kebak sumelang, lan mboten ngertos tujuan ingkang pasti. Ing ngriki, kita mbetahaken Juru Pandu, ingkang mboten namung sampun nglampahi margi punika, nanging Panjenenganipun margi punika piyambak, inggih punika Gusti Yesus.
Pirsa raos sumelang ingkang dipun raosaken para sakabatipun, Gusti Yesus paring piwucal ingkang saged dados sumbering katentreman. “Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah; iya kumandela ing Aku uga.” (Ay. 1). Punika piwucal ingkang mboten namung dados panglipur nanging langkung mirunggan malih, mratelakaken janjinipun Gusti Yesus dhateng umati-Pun. Panjenenganipun badhe tindhak kagem nyawisaken papan kangge para pandherek-Ipun wonten ing dalemipun Sang Rama. Panjenenganipun ugi ngendika, “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.” (Ay. 6). Tumrap sintena kemawon ingkang pados margi wonten ing satengah-tengahing pepeteng, Gusti Yesus punika margi padhang ingkang cetha. Mboten wonten margi ingkang celak, mboten wonten pilihan sanesipun namung lumantar Gusti Yesus kemawon kita saged dumugi Sang Rama lan nampeni gesang langgeng.
Pramila, kita mboten prelu pados pratandha utawi bukti malih wonten ing papan sanes. Ingkang kedah kita upadi inggih punika pangertosan lan kawasisan. Wonten ing pangupadi kita anggenipun nggayuh pangertosan lan ngasah kawasisan punika, sumangga kita dhasari kanthi pitados dhumeteng Gusti Yesus, sampun ngantos kita namung ngasah kapinteran kita piyambak. Srana pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus, gesang kita saged dados pepadhang, ingkang paring panuntun dhateng sesami anggenipun nglampahi gesang. Amin. [YEP].
“Saderengipun paring panyinaon lan panuntun, kita kedah purun sinau lan dipun tuntun dening Gusti.”