Sambat Pancaran Air Hidup 1 Mei 2026

1 May 2026

Waosan: Pangentasan 3 : 1 – 12  |  Pamuji: KPJ. 51
Nats: “Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsarane umatingSun kang ana ing Mesir, sarta wus miyarsa panangise marga saka kang padha nindhes. Ingsun nguningani kasangsarane.” (Ayat 7)

Tembung sambat punika asring dipun pandeng kanthi teges ingkang negatif karana tiyang ingkang sambat asring kasebat tiyang ingkang mboten saged saos sokur. Nanging punapa leres menawi tiyang sambat punika mesti mboten saged saos sokur? Lan punapa wonten tiyang ingkang mboten nate sambat wonten gesangipun? Pitakenan punika dados penting menawi kita gathukaken kaliyan gesang kita piyambak-piyambak, karana ing gesang kita samangke kathah tantangan ingkang dadosaken kita punika kadangkala sambat karana awrating momotaning gesang.

Kitab Pangentasan 3:1-12 punika mratelakaken mula bukanipun Gusti Allah ngutus Musa ngadhep dhateng Prabu Pringon kangge mbekta bangsa Israel medal saking Mesir. Ing ngriki kacariyosaken bilih bangsa Israel ngalami kasangsaran ing Mesir, lajeng “sambat” dhumateng Gusti Allah lan Panjenenganipun miyarsakaken pasambatipun bangsa Israel. Punika ingkang dados dasar Gusti Allah ngutus Musa mbekta bangsa Israel medal saking Mesir tumuju tanah prajanjian ingkang luber susu lan madu. Tamtunipun Musa kaget karana piyambakipun rumaos mboten tatak ngadhepi Prabu Pringon ingkang ageng sanget panguwaosipun ing Mesir. Ing ngriki Gusti Allah janji badhe nunggil Musa minangka utusan-Ipun piyambak. Saking cariyos punika, kita sumerep bilih sambat punika mboten awon menawi alasanipun jelas malahan saged dados sarana pitulunganipun Gusti Allah dhateng manungsa.

Saking waosan kita punika, kita saged sinau bilih tiyang sambat punika dereng tamtu tiyang ingkang mboten saged saos sokur nanging pancen karana ngraosaken momotan ingkang awrat sanget. Sambat dhumateng Gusti Allah punika sanes bab ingkang klintu nanging saged dados sarana pitulunganipun Gusti dhateng kita. Gusti Allah punika Gusti ingkang Maha Asih saha Maha Mirah tumrap umatipun ingkang nandhang kasangsaran. Pramila mboten lepat menawi kadangkala kita sambat dhumateng Gusti Allah nalika ngalami momotan ingkang awrat supados kita saged nampi panglipuran lan kakiyatan saking Gusti. Nanging sanadyan kita sambat sampun ngantos kita nebih saking Gusti. Mangga kita tetep kiyat ngadepi sadaya kahanan gesang, awit Gusti tansah mitulungi lan nunggil gesang kita. Amin. [Kuh.C]

“Pasambat kita saged dados sarana pitulunganipun Gusti dhateng gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak