Mbangun Seduluran Pancaran Air Hidup 29 November 2025

29 November 2025

Waosan: Jabur 122 : 1 – 9  |  Pamuji: KPJ. 357
Nats: Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu : “Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan.” (Ayat 6)

“Saben desa mawa cara” punika kalebet pribahasa Jawi ingkang kagungan ateges saben desa kagungan aturan utawi tata caranipun piyambak-piyambak. Mekaten ugi ing satengahipun gesang brayat kita, mesthi kagungan aturan piyambak-piyambak. Punapa malih wonten ing satengahipun greja mesthi wonten pranatanipun piyambak. Sadaya aturan utawi pranatan punika kadamel supados wonten lanjaran ingkang mranata gesang sesarengan supados sami santosa lan tentrem rahayu.

Bangsa Yahudi salah satunggaling bangsa ingkang nguri-nguri mbangun seduluran. Ingkang kasebut mbangun seduluran punika tepang kaliyan sedherekipun lan tetep mbangun komunikasi kaliyan para tedhak turunipun. Bangsa Yahudi kagungan pranatan saben taun wajib tindak menyang Yerusalem ping tiga kagem ngriyadinaken riyadin pondok daun, paskah, lan pentakosta. Pramila sadaya tiyang keturunan bangsa Yahudi mliginipun para tiyang kakung saking papan pundi-pundi sami tumuju dhateng Yerusalem (Ay. 4). Para tedhak turunipun bangsa Israel punika sami ngempal wonten ing Padaleman Suci. Ing ngriku para umat Israel sami mangun pangabekti dhumateng Gusti Allah, nguri-uri kerukunan, mbangun paseduluran, lan njagi kaadilan gesang (Ay. 5). Sadaya tiyang ingkang ngempal punika sami ngrantos rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih klayan ndedonga supados pasaduluran lan kaadilan ingkang kawangun punika nuwuhaken kasantosan, tentrem rahayu, lan kabecikan.

Gambaran seduluran ingkang dipun lestarekaken dening bangsa Israel punika dados semangat wonten gesang kita kangge nguri-nguri budaya madosi silsilah keluarga, tepang kaliyan brayat ageng, lan ngajak putra wayah sami nuweni seduluripun. Salajengipun dados pangajeng-ngajeng bilih kita sampun tepang sanak sedherek kita, punika saged nuwuhaken gesang ingkang sami rukun lan tentrem.  Mekatena ugi anggen kita ngrantos rawuhipun Gusti Yesus lumebet ing mangsa Adven punika, mangga kita ngrantos klayan manah ingkang tentrem rahayu awit kita tansah ngupadi karukunan dhateng sesami. Amin. [Ry].

“Tak Wiwiti Teka Uripku Sregep Mbangun Komunikasi Lan Karukunan Marang Sedulurku.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak