Mburu Seneng Apa Mburu Ayem? Pancaran Air Hidup 27 September 2025

27 September 2025

Waosan: Jabur 146 : 1 – 10  |  Pamuji: KPJ. 144
Nats: “Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakub minangka pamomonge, kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.” (Ayat 5)

Wonten ukara, “Akeh wong sing golek urip seneng, tapi ora akeh wong sing golek urip ayem.” Ukara punika ngemutaken kita bilih katah tiyang nglampahi gesangipun, asring namung mburu senengipun piyambak lan nguja hawa nepsu kadagingan ingkang sifatipun sawetara. Raos seneng punika pancen dipun betahaken, nanging mboten kedah dipun upadi kanthi maneka cara, punapa malih ngantos ndadosaken kita lan tiyang sanes sisah. Kamangka gesang ingkang ayem kebak katentreman punika ingkang kita betahaken ing gesang. Awit raos ayem punika ingkang ndadosaken kita tansah bingah lan kiyat nglampahi gesang ingkang kebak karibedan lan kaprihatosan.

Waosan kita dipun wiwiti kanthi pangandel juru Mazmur ingkang elok, “Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana.” (Ay. 2). Emanipun sacara kamanungsan, kita asring supe kaliyan pakaryanipun Gusti wonten ing gesang kita. Asring kita langkung gampang ningali pakaryan tiyang sanes ingkang kita anggep langkung unggul tinimbang kita. Kita rumaos tenang awit kita mikir, “Dekenganku wong pusat, duwe pangkat, wong sugih.” Nanging pemazmur paring pepenget, “Aja kumandel marang para panggedhe, lan marang anaking manungsa kang ora bisa aweh karahayon.” (Ay. 3), awit sedaya manungsa punika sifatipun winates. Ingkang paling leres miturut juru Mazmur sumbering kabingahan lan katentreman inggih punika namung Gusti Allah piyambak. Gusti Allah ingkang tetep setya nresnani tiyang ingkang kathindes, ngelih, kinunjara, wuta, lola, lan randha (Ay. 7-9).

Kita mboten saged masrahaken gesang kita dhateng tiyang sanes, samangke mbok menawi tiyang punika saged nulung kita, nanging saged ugi ing tembe dinten, tiyang punika mboten saged nulung kita, awit saben tiyang punika nggadhahi kasisahanipun piyambak-piyambak. Kita kedah mandiri lan berdaya kangge nggayuh sedaya pangajeng-ajeng kita. Ingkang prelu kita tindhakaken inggih punika nentremaken dhiri ing satengah-tengah karibedan ingkang kita alami. Katentreman punika saged kita panggihi namung wonten ing Gusti Allah ingkang nitahaken langit lan bumi, ingkang tetep setya selaminipun. Mugi Gusti Allah ingkang jumeneng ratu tansah wonten ing gesang kita. Amin. [M@ul].

“Ayo mburu urip ayem bareng Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak