Manah Ingkang Andhap Asor Pancaran Air Hidup 31 Agustus 2025

31 August 2025

Waosan: Lukas 14 : 1, 7 – 14  |  Pamuji: KPJ. 68

Nats: “Sabab sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakal diluhurake.” (Ayat 11)

Ngrembag bab pambanguan, asring ingkang dipun tindakaken inggih punika mbangun griya, greja, margi, jembatan ingkang katon. Mila wonten greja nalika wonten kegiatan mbangun greja, lajeng dipun bentuk panitia pambangunan, kanthi tujuan panitia punika ingkang ngrigenaken proses pambanguan punika, wiwit ngrancang, pados dana, pados tukang lan kuli, nyawisaken kabetahan kangge mbangun, lan nindakaken pambangunan punika. Pancen langkung nyata ketawis asilipun sak rampungipun griya utawi greja punika dados. Nanging kita kedah enget bilih pambangunan iman spiritual punika ugi penting. Malah pambangunan iman spiritual punika wekdalipun langkung lami lan mboten nate mandeg.

Waosan kita ing wekdal punika nyariosaken Gusti Yesus ingkang mucal bab manah ingkang andhap asor. Nalika semanten Gusti Yesus rawuh ing griya pangarsaning tiyang Farisi. Ing ngriku Gusti Yesus ningali katah tiyang sami pados papan palenggahan ing ngajeng piyambak. Awit wonten pemanggih tiyang ingkang lenggah wonten ngajeng punika tiyang ingkang dipun urmati. Nanging ing ngriki Gusti Yesus ngendika, “… menawa kowe diulemi, linggiha ing buri dhewe. Bokmanawa mengko sing duwe omah banjur marani lan calathu marang kowe: Sadherek, mangga kula aturi lenggah ing ngajeng. Temahan kowe katon anggonmu kajen ana ing ngarepe para dayoh liyane kabeh.” (Ay. 10). Saking ngriki Gusti Yesus mucal bab sinten ingkang ngegungaken dhiri badhe kaasoraken, lan sinten ingkang ngasoraken dhiri badhe kaluhuraken (Ay. 11).

Gesang patunggilan ing pasamuwan punika mbetahaken manah ingkang andhap asor. Tiyang ingkang andhap asor punika gesangipun prasaja. Piyambakipun mboten nggadhah ambisi utawi ngegungaken drajat, pangkat lan kasugihanipun. Mila tuwuh lan ngrembakanipun pasamuwan punika gumantung kaliyan kawontenanipun watakipun para warga pasamuwan. Dipun betahaken manah ingkang andhap asor supados gesangipun pasamuwan punika saged ayem tentrem. Mila ing pungkasan sasi pambangunan punika, mangga kita sami mbangun jasmani lan rohani sacara saimbang. Kita sedya mbangun greja sacara fisik ugi mbangun iman kapitadosan warga pasamuwan sesarengan. Kanthi dasar manah ingkang andhap asor, kita wujudaken GKJW ingkang dados berkah lan migunani kangge sesami. Amin. [AR].

“Mbangun iman punika wujuding kasedyan kita mbangun miturut dhumateng Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak