Waosan: 2 Babad 12 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 266:1
Nats: “Wong-wong iku wus padha ngesorake awake, mulane ora bakal Sunsirnakake, …” (Ayat 7)
Kacariyos wonten kanca pemuda ingkang sinau nyetir mobil. Sawetawis wekdal ketingal sampun sae anggenipun maju lan mundur, ugi anggenipun menggok kiwa-nengen. Rumaos sampun lanyah, piyambakipun nyoba badhe nglebetaken mobil punika wonten garasi. Alon-alon anggenipun mundur rumaos sampun pas, jebulipun mak brakk! Spion sisih tengen kesenggol cagak garasi. Kanca pemuda punika lajeng rumaos sumelang, awit ing wiwitan nganggep dhirinipun sampun lanyah jebulipun taksih dereng. Pengalaman punika dados pasinaon ingkang sae.
Prabu Rehabeam lan umat Israel ugi salah ngira bilih kraton Israel kuwagang nglangkungi kahanan bebaya saking pangancam Sisak, Sang Nata ing Mesir. Prabu Rehabeam salah ngira bilih kratonipun tetep bakuh sanadyan nilaraken Gusti lan ngginakaken kakiyatanipun piyambak. Prabu Rehabeam klentu, kraton Israel mboten tahan ngadhepi bala tentra Sisak. Prabu Sisak ngrebat kutha-kutha ing Israel, lajeng cecawis badhe ngrebat kutha Yerusalem. Kacariyos nabi Semaya rawuh ing ngarsanipun Prabu Rehabeam lan para pangagenging Yehuda (Ay. 5). Nabi Semaya ngengetaken Prabu Rehabeam lan umat Yehuda supados Yehuda tetep setya lan gumantung dhumateng Gusti. Nilar Gusti punika ateges bangsa Yehuda perang tanpa gaman, alias badhe kawon ing astanipun Sisak. Nalika Prabu Rehabeam lan umat Yehuda purun ngakeni kalepatanipun, ngasoraken manah, lan sowan ing ngarsanipun Gusti, sanadyan tetep kawon, nanging Gusti Allah tetep ngayomi lan mboten nyirnakaken Yehuda.
Ing sasi Pambangunan, GKJW nate wonten ing kahanan ingkang mrihatosaken, inggih punika ing jaman penjajahan Jepang. GKJW ngalami karisakan ing sesambetan lan patunggilan, nanging GKJW tansah dipun reksa dening Gusti lan dipun tunggilaken malih, kanthi sesanthi “Patunggilan kang Nyawiji”. Saben umat sami pinaringan kesempatan kangge mratobat, ngasoraken dhiri lan ngewahi gesang ingkang awon. Punika ingkang jalari kawilujengan lan kabecikan ing GKJW. Pramila, sumangga kita tetep setya dhumateng Gusti, sampun ngantos kita ngandelaken kakiyatan kita piyambak. Kasunyatanipun, Gusti pirsa lan milujengaken kita ingkang kagungan sikep andhap asor ing manah. Amin. [mojoo].
“Tiyang ingkang andhap asor ing manah bakal nampeni pangrimatan lan kawilujengan saking ngaluhur.”