Katresnan Nuwuhaken Semangat Peladosan Pancaran Air Hidup Junior 25 Oktober 2026

25 October 2026

Waosan: Mateus 22 : 34 – 46  |  Pamuji: KPJ. 370
Nats: “Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.” (Ayat 39)

Wonten pak Tani ingkang sregep makarya ing sabenipun. Saben dinten, piyambakipun ngolah tanah, nanem lan ngrimati tanemanipun kanthi temen. Tujuanipun taneman punika saged ngedalaken asil panen ingkang sae. Mila bilih ngalami gagal panen, pak Tani rumaos sadaya pakaryanipun punika muspra. Mekaten ugi ing paladosan. Kita saged sibuk lelados ing pasamuwan, nanging menawi katresnan dhateng Gusti lan sesami sanes tujuan ingkang utami, peladosan kita saged dados peladosan tanpa makna. Asring para pemuda punika aktif sanget ndherek lelados, sae peladosan musik, peladosan kebaktian, peladosan sosial, malah ngurbanaken wekdal lan tenaganipun. Sadaya punika sae. Nanging pitakenipun: kagem sinten sadaya peladosan punika dipun tindakaken? Menawi paladosan punika namung dados sarana mbuktekaken dhiri, pados pangaken tiyang sanes, utawi namung dados rutinitas, peladosan punika badhe kecalan makna sejatinipun.

Pangandikanipun Gusti Yesus bab angger-angger ingkang ageng negesaken bilih bab hubungan kaliyan Gusti Allah punika dereng tuntas ing tumindak netepi angger-angger kemawon, ananging kedah kalajengaken ing pitepangan lan katresnan ingkang leres dhumateng Sang Kristus (Ay. 37) lan sesami (Ay. 39). Punika saged dipun maknai bilih peladosan punika mboten namung “nglampahi kathah prekawis ing greja kemawon”, nanging gesang ingkang kapusat ing katresnan dhumateng Sang Kristus. Saking katresnan dhumateng Sang Kristus lan sesami punika badhe tuwuh peladosan ingkang tulus, pangorbanan ingkang nyata, lan semangat ingkang mboten gampil mati saking dhiri kita.

Kangge para pemuda, semangat ingkang ageng lan kesadaran nglibataken dhiri ing peladosan punika sih-rahmat lan berkah. Nanging sadaya punika kedah dipun arahaken ing katresnan dhumateng Gusti Yesus lan sesami. Nalika kita tresna dhumateng Gusti Yesus, peladosan kita estunipun mboten dipun raosaken dados beban. Mekaten ugi nalika kita tresna dhateng sesami, peladosan kita ing greja punika mboten dados sarana pados pangalembana. Sumangga kita leladi kanthi semangat, satemah katresnanipun Gusti Yesus punika saged tuwuh lan ngrembaka ing manah lan gesang kita. Amin. [BK].

“Sadaya pusat paladosan kedah ngrembaka saking katresnan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak