Sugih Ing Gusti Pancaran Air Hidup 3 Agustus 2025

3 August 2025

Waosan: Lukas 12 : 13 – 21  |  Pamuji: KPJ. 161
Nats: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.” (Ayat 15)

Punapa ingkang saged murugaken kabingahan ing satengahing gesang? Saperangan tiyang mastani bilih kabingahan punika gumantung kasugihan. Wonten ingkang nembe bingah menawi sugih bandha, “aku bungah yen wis akeh bandhaku.” Wonten ugi ingkang mastani “senadyan bandhaku gak akeh, aku bungah merga duwe akeh kanca.” Pundi ingkang leres badhe murugaken kabingahan: sugih bandha punapa sugih kanca? Wonten malih pitakenan, punapa tiyang ingkang sugih kanca nggih mboten pareng sugih bandha?

Mbok menawi kita asring nampeni pitakenan punika. Pramila, ngadhepi pitakenan punika kita kedah nuwuhaken pitakenan malih: punapa sedaya ingkang kita gadhahi, sae punika bandha utawi kanca tansaya ndadosaken kita gumantung dhumateng Gusti punapa mboten? Menawi bandha ndadosaken ingkang nggadhahi watak karem, langkung ngupadi bandha lan kesupen tumindak yekti cundhuk pangandikanipun Gusti, punika ingkang mboten pareng. Miturut kamus, karem bandha punika ateges murka (tamak), karana bandha dados gondhelanipun gesang. Pramila, sampun ngantos bandha dados gondhelan gesang kita lan nglirwakaken Gusti. Mekaten ugi, menawi kanca ndadosaken kita namung setia kawan, nanging kesupen setya dhumateng Gusti, punika ugi mboten pareng. Sampun ngantos sambetan kekancan kita dados pepalang kita celak kaliyan Gusti. Sampun ngantos kita namung nggugu kanca, nanging kesupen nggugu karsanipun Gusti. Bab punika ingkang dipun dhawuhaken Gusti lumantar waosan dinten punika.

Sumangga kita ningali sedaya ingkang kita gadhahi samangke, sae punika bandha, kanca utawi sanesipun. Punapa sedaya punika nebihaken kita kaliyan Gusti, punapa tansaya ndadosaken kita saestu gumantung dhumateng Gusti. Minangka greja, GKJW punika binerkahan kanthi kanca lan bandha kangge ngrigenaken samubarang ingkang sae supados saged dados mitranipun Gusti ing ndonya punika. Minangka pribadi, kita ugi mekten. Mugi lumantar kasugihan lan sedaya ingkang kita gadhahi punika, namunga kagem kaluhuran asma lan pakaryanipun Gusti ingkang kila ladosi. Amin. [KRW].

“Bandha lan kasugihan, mugi dadosa sarananing gesang ngluhuraken Pangeran.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak