Waosan: Yokanan 20 : 19 – 31 | Pamuji: KPJ. 262
Nats: “Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rayahu anaa ing kowe kabeh!” (Ayat 19)
Saben tiyang tamtu nggadhah raos ajrih wonten gesangipun. Wonten ingkang ajrih kaliyan salah satunggaling kewan, ajrih peteng, ajrih kecalan tiyang ingkang dipun tresnani, lsp. Nalika kita pinanggih kaliyan prekawis ingkang ndadosaken kita ajrih, tamtu manah kita mboten rumaos tentrem. Ing sajroning swasana ajrih punika, kita mbetahaken rencang ingkang saged ngiyataken utawi paring pitulungan dhateng kita.
Raos ajrih ugi dipun alami kaliyan para sakabatipun Gusti Yesus nalika Gusti Yesus seda. Para sakabat ajrih bilih para pangarsaning tiyang Yahudi punika nangkep lan ngukum para sakabat punika. Lajeng para sakabat sami ngempal ing satunggaling griya, kori sarta cendelanipun dipun kunci supados mboten wonten ingkang saged mlebet. Ing satengahing swasana ingkang kebak raos ajrih punika, Gusti Yesus rawuh ing satengah-tengahing para sakabat. Gusti Yesus ngatingalaken Sariranipun dhateng para sakabat. Pangandikanipun Gusti Yesus ingkang wiwitan dhateng para sakabat, “Tentrem-rayahu anaa ing kowe kabeh!” (Ay. 19). Pangandikanipun Gusti Yesus punika paring katentreman dhateng para sakabat. Ing wanci punika Gusti Yesus mboten namung paring katentreman ananging ugi paring Roh Suci lan ngutus para sakabat supados martosaken Injilipun Gusti ing salumahing bumi.
Punapa ingkang dipun alami kaliyan para sakabat ing wanci punika sejatosipun ugi kita raosaken. Wonten ing pigesangan kita padintenan sejatosipun Gusti Yesus rawuh lan paring tentrem rahayu. Saking ngriku punapa ingkang kita alami? Kita saged sinau saking para sakabat bilih samukawis prekawis ingkang karaos awrat sumangga kita pasrahaken dhumateng Gusti. Mangga kita lampahi gesang kita adhedasar iman dhumaten Gusti Yesus. Kita pitados bilih Gusti Yesus paring tentrem rahayu dhateng kita, satemah kita saged nglampahi gesang kanthi kebak sukabingah. Manah ingkang sukabingah punika ingkang dados kakiyatan kangge kita nglampahi timbalanipun Gusti martosaken sih rahmat-Ipun ing gesang padintenan. Amin. [BWP].
“Gusti sampun wungu mulane aja wedi.”