Waosan: 1 Korintus 11 : 17 – 22, 27 – 33 | Pamuji: KPJ. 352
Nats: “Sabab nalikane padha kembul mangan iku, saben wong ndhisiki njupuk pangane dhewe, satemah kang siji kaluwen, sijine mendem.” (Ayat 21)
Wonten satunggaling paribasan jawi “Agama Ageming Aji.” Paribasan punika paring pepenget bilih agami sanes ageman njawi (kulit) nanging agemaning kalbu. Manah ingkang katuntun dening piwulang agami badhe nyingkiri tumindak aniaya lan nistha, ingkang saged ngrusak drajat, martabat utawi ajinipun dhiri. Nalika agami sampun dados agemaning kalbu, sadaya punika dipun lampahi sanes karana mbudidaya pangelembana, nanging adhedhasar kasadaran lan kadewasan iman.
Waosan dinten punika paring cariyos bab para tiyang ing Korintus, ingkang ngagem agami dados ageman njawi kemawon. Para tiyang ing Korintus punika pandherekipun Gusti Yesus, nanging laku gesang ingkang dipun lampahi tebih saking karsanipun Sang Pangeran. Kabetahan, karemenan, lan kapentingan dhiri tansah dados ingkang utami. Sadaya punika katingal cetha ing satengahing pambujanan suci ingkang kawangun, satemah bab kasucen ing satengahing pambujanan punika banjur sirna. Para tiyang ing Korintus kesupen, bilih pambujanan suci punika kasempatan kangge sesarengan ngraosaken katresnanipun Gusti klayan karukunan saha karaketan ing satengahing gesang pasamuwan. Tanpa wontenipun kasedyan kangge njagi kasantosan lan karukunan ing gesang patunggilan, tamtu pambujanan suci ingkang kalampahan punika mboten badhe mupangati.
Waosan kita ing dinten punika ugi paring pepenget dhateng kita sami, bilih para pandherekipun Gusti Yesus tansah kasuwun ngrimati kasantosan tuwin karukunan ing satengahing gesang patunggilan. Ingkang utami sanes kabetahan dhiri pribadi, nanging kabetahan patunggilan ing satengahing gesang sesarengan. Kanthi kasadaran lan kadiwasan ingkang mekaten, gesang sesarengan ingkang kawangun tamtu badhe katebihaken saking pasulayan. Agama ageming aji! Ajining dhiri manungsa saged kajagi nalika nglampahi pigesangan miturut agami ingkang dipun imani. Ing sasi tumitahing jagad punika kita sami kaajak kangge “Merangkul Sesama Merawat Kehidupan”, satemah kadosdene waosan kita ing dinten punika, sumangga kita nglampahi pigesangan miturut piwulang agami ingkang kita imani. Sumangga kita tansah njagi kasantosan saha karukunan satemah katresnanipun Gusti Yesus ingkang suci tansah karaosaken kanthi sampurna. Amin. [xie].
“Celak coloking Hyang Widi, momor pamoring sawujud!”