Waosan: Yesaya 60 : 15 – 22 | Pamuji: KPJ. 430
Nats: “…ing kono sira banjur bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Pamartanira, lan Panebusira, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Yakub.” (Ayat 16b)
Saben tiyang perlu nggadhahi ‘paradigma’, ingkang dipun mangertosi minangka cara kangge tiyang punika ningali kawontenan badanipun piyambak lan lingkunganipun. Paradigma punika saestu prekawis ingkang wigatos, amargi saged ngaruh-ngaruhi anggenipun tiyang punika sami olah pikir (kognitif), olah sikep (afeksi), lan tumindak (motorik). Paradigma ingkang leres tamtu badhe nuwuhaken tumindak ingkang sae lan migunani, kosokwangsulipun paradigma ingkang klentu badhe nuwuhaken tumindak lan sikep ingkang klentu ugi.
Ing salebeting pamrentahaning Raja Uzia, Yesaya nekseni kamrosotanipun bangsa Israel. Limrah menawi bangsa Israel wekdal semanten ngajeng-ngajeng bab kawilujengan lan pamulihan nagarinipun. Ing salebeting kahanan ingkang kados makaten, nabi Yesaya paring pameca bab kawilujengan lan pamulihan tumrap bangsa Israel. Nanging, pamecanipun nabi Yesaya punika benten kaliyan pemanggihipun bangsa Israel. Yesaya medhar pameca bab satunggaling mangsa ingkang kebak tentrem rahayu lan kaadilan. Satunggaling mangsa ingkang kalis saking rudapeksa. Benten kaliyan punapa ingkang dipun mangertosi bangsa Israel, pemanggihipun bangsa Israel, pamulihan saking Gusti punika kawujudaken nalika mengsah-mengsahipun Israel sami katelukaken secara militer, kadosdene ing mangsanipun Daud lan Salomo. Yesaya ugi medhar pameca bilih kuthanipun Gusti Allah badhe dados padhang ingkang madhangi donya ingkang kebak pepeteng. Kutha ingkang kebak para tiyang ingkang lakunipun pener lan leres. Ing mangsa punika mboten wonten malih rudapeksa lan kasisahan.
Gusti Allah nimbali kita gesang srana pangajeng-ajeng. Gesang ingkang mituhu dhateng karsa-Nipun. Gesang mawi paradigma enggal, inggih punika cara pandeng ingkang leres, nindakaken karsanipun Gusti, sarta dados patuladhan ing salebeting gesang sadinten-dinten. Sumangga kita sami nindakaken paradigma enggal punika minangka satunggaling cara gesang kita ingkang ngatingalaken katresnanipun Sang Kristus, matemah gesang kita tansah nuwuhaken katentreman lan sukabingah ing salumahing bumi punika. Amin. [ES].
“Wedi asih marang Gusti punika kunci berkah, sanes kejayaan, amargi kejayaan punika namung sawetawis wekdal.”