Waosan: Wilangan 4 : 34 – 49 │ Pamuji: KPJ. 357 : 3
Nats: “ …, sawiji-wijine padha diparingi tanggung-jawab tumrap apa kang kudu dilakoni lan kang diangkuti.” (Ayat 49a)
Pak Lembah: “Acara ulang tahun gereja taun iki apik banget. Dekorasine mening, acarane regeng, sing teka akeh lan sing paling penting konsumsine mantep.”
Pak Inggil: “Ya mesti, yen dudu karana aku yo ora bakal kaya ngunu.”
Pak Lembah: “Lha apa sing gawe dekor, ngrancang acara, lan masak sampean kabeh, Pak Inggil?”
Pak Inggil: “Ya jelas ora. Aku kan ketua panitiane, dadi aku sing bagian mrentah anggotaku.”
Pak Lembah: “Ealah … tak pikir … sampean kabeh”
Lumantar pirembagan punika, kita kaajak supados sadar bilih sadaya prekawis ageng ingkang kelampahan wonten gesang kita punika sejatosipun boten karana usaha kita piyampak. Ananging wonten kathah tiyang ingkang ambiyantu, sinaosa mbok bilih tiyang punika boten ketingal pambiyantunipun. Tegesipun, minangka ketua panitia, Pak Inggil ugi boten saged tumindak punapa-punapa menawi boten dipun biyantu kalian para anggota panitia lintunipun.
Mekaten ugi ing bab sarana lan pra sarananipun pangibadah bangsa Israel. Sinaosa suku Lewi ingkang dipun piji Gusti Allah minangka para pelados, nanging ing antawisipun suku Lewi ugi wonten pambagian tanggel-jawab. Bani Merari kajibah ngrimati blabage Tarup Suci, kendhit, saka, ompak, pathok lan tali-talinipun. Bani Kehat kajibah ngrimati barang – barang ingkang suci pinunjul ing salebeting Tarub Pasewakan. Lan Bani Gerson kajibah ngusung tendha – tendhanipun Tarub Suci lan Tarub Pasewakan, payon, rangkepanipun lulang duyung, geber, lsp. Sadaya pembagian punika dipun tindakaken supados peladosan ingkang dipun lampahi dening suku Lewi saged lancar lan sae. Kanthi sangkul – sinangkul, para putranipun (Merari, Kehat lan Gerson) Lewi nindakaken peladosan ing Tarub Suci lan Tarub Pasewakan.
Samangke kita lumebet ing wulan Ekumene, kanthi semangat ingkang sami, sangkul – sinangkul, kita kaengetaken supados boten gumunggung anggenipun leladi. Kita kaajak supados purun leladi adedasar raos lembah manah, awit kita sami mangertos bilih sadaya prekawis ageng namung saged kalampahan karana pambiyantunipun tiyang sanes. Amin. [7us].
“Padha sangkul – sinagkula anggen makarya ing kebone Gusti.”